Wahyu
22 Banjur, malaékat kuwi nduduhké marang aku kali banyu kauripan, sing bening kaya kristal. Kali kuwi mili saka tahtané Gusti Allah lan tahtané Sang Cempé 2 menyang tengah-tengahé dalan utama ing kutha kuwi. Ing sakiwa-tengené kali kuwi ana wit-wit kauripan sing ngetokké woh setaun ping 12, saben sasi sepisan. Godhong-godhongé digunakké kanggo nambani bangsa-bangsa.
3 Gusti Allah ora bakal ngutuk kutha kuwi. Tahtané Gusti Allah lan tahtané Sang Cempé bakal ana ing kutha kuwi, lan budhak-budhaké Gusti Allah bakal nindakké tugas suci marang Panjenengané. 4 Budhak-budhaké Gusti Allah bakal ndelok pasuryané Gusti Allah, lan asmané Gusti Allah katulis ing bathuké para budhak kuwi. 5 Ing kutha kuwi, wengi ora bakal ana manèh lan lampu utawa srengéngé ora dibutuhké manèh, merga Gusti Allah Yéhuwah sing bakal madhangi. Lan budhak-budhak kuwi bakal dadi raja nganti saklawas-lawasé.
6 Banjur malaékat kuwi kandha marang aku, ”Tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.* Yéhuwah, Gusti Allah sing ngendika liwat para nabi, wis ngutus malaékaté kanggo nduduhké marang para budhaké apa sing sedhéla manèh bakal kedadéan. 7 ’Aku bakal ndang teka. Bungah wong sing manut karo ramalan sing ana ing gulungan iki.’”
8 Aku, Yohanes, aku dhéwé sing krungu lan ndelok kabèh kuwi. Sakwisé krungu lan ndelok kuwi, aku sujud kanggo nyembah malaékat sing nduduhké kuwi kabèh marang aku. 9 Nanging dhèwèké ngandhani aku, ”Aja! Aja ngono! Sembahen Gusti Allah! Aku iki uga budhak kaya kowé lan kaya sedulur-sedulurmu, yaiku para nabi, lan kaya kabèh wong sing manut karo tembung-tembung ing gulungan iki.”
10 Dhèwèké uga ngongkon aku, ”Ramalan sing ana ing gulungan iki aja kok dhelikké, merga wektu sing ditemtokké wis cedhak. 11 Ejarna wong sing jahat terus tumindak jahat, lan wong sing najis terus nindakké sing najis. Nanging ejarna wong sing bener terus nindakké sing bener, lan wong sing suci terus nindakké apa sing suci.
12 ”’Aku bakal ndang teka. Aku nggawa opah kanggo mbales saben wong miturut tumindaké. 13 Aku iki Alfa lan Oméga,* sing kapisan lan sing kèri dhéwé, sing wiwitan lan sing pungkasan. 14 Bungah wong sing ngumbah jubahé, supaya isa mangan woh saka wit-wit kauripan, lan éntuk mlebu ing kutha kuwi liwat gerbang-gerbangé. 15 Nanging wong sing najis,* wong sing nindakké spiritisme,* wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong sing nyembah brahala, lan saben wong sing seneng lan wis biasa ngapusi padha manggon ing njaba.’
16 ”’Aku, Yésus, ngutus malaékatku kanggo ngandhani bab perkara-perkara iki marang kowé kanggo kepentingan jemaat-jemaat. Asalku saka keluargané* Daud, lan aku iki keturunané. Aku iki bintang ésuk sing sumunar.’”
17 Roh suci lan mantèn wadon terus kandha, ”Mrénéa!” Lan sapa waé sing krungu, dhèwèké uga kudu kandha, ”Mrénéa!” Sapa waé sing ngelak éntuk teka. Sapa waé sing gelem, éntuk njupuk banyu kauripan tanpa mbayar.
18 ”Aku ngandhani saben wong sing ngrungokké ramalan ing gulungan iki: Nèk ana sing nambahi apa-apa ing tembung-tembung iki, Gusti Allah bakal nambahi bencana sing katulis ing gulungan iki marang wong kuwi. 19 Lan nèk ana sing ngurangi apa-apa saka tembung-tembung ramalan ing gulungan iki, Gusti Allah ora bakal ngejarké wong kuwi nampa perkara-perkara apik sing katulis ing gulungan iki. Gusti Allah ora bakal ngejarké wong kuwi mangan woh saka wit-wit kauripan lan mlebu ing kutha suci kuwi.
20 ”Dhèwèké sing ngandhani kabèh bab iki kandha, ’Ya, aku bakal ndang teka.’”
”Amin! Rawuha, Gusti Yésus.”
21 Aku ndonga marang Gusti Allah supaya Gusti Yésus bakal nduduhké welas asihé sing nggumunké* marang para wong suci.