2 Korintus
5 Kita ngerti nèk omah kita ing bumi yaiku badan kita sing kaya kémah, bakal dirubuhké,* lan Gusti Allah bakal maringi kita omah ing swarga, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan sing bakal terus ana saklawasé. 2 Ing omah* kita sing saiki, kita sambat ing njero ati, merga kita péngin banget nganggo apa sing wis disiapké kanggo kita* ing swarga, 3 supaya wektu kita nganggo kuwi, kita ora wuda manèh. 4 Sakjané, kita sing ana ing kémah iki padha sambat ing njero ati, lan ngrasa kabotan beban. Ora kok merga kita péngin ninggalké omah iki kaya nèk kita nyopot klambi, nanging merga kita péngin nampa omah ing swarga, supaya badan sing isa mati diganti karo urip langgeng. 5 Sing wis nyiapké kita kanggo urip kaya ngono kuwi Gusti Allah. Gusti Allah wis maringi kita roh suci kanggo dadi jaminan marang apa sing bakal teka.*
6 Mula, kita yakin tenan bab kuwi lan kita ngerti nèk saksuwéné kita manggon ing badan iki, kita adoh saka Gusti, 7 merga kita urip miturut iman, dudu miturut apa sing kita delok. 8 Kita yakin lan luwih seneng manggon karo Gusti ketimbang manggon ing badan iki. 9 Kuwi sebabé, ora soal kita manggon ing ngendi, karo Gusti utawa ora, kita terus ngupaya tenanan kanggo nyenengké dhèwèké. 10 Kita kabèh bakal ngadeg* ing ngarep kursi pengadilané Kristus. Saben wong bakal éntuk balesan miturut tumindaké sing apik utawa sing èlèk, sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa.
11 Aku kabèh ngerti apa tegesé wedi marang Gusti, mula aku kabèh terus ngyakinké wong-wong liya. Gusti Allah bener-bener kenal karo aku kabèh,* lan aku ya péngin kowé kabèh* uga bener-bener kenal karo aku kabèh. 12 Aku ora arep ngalem awakku dhéwé manèh ing ngarepmu. Aku kabèh ngomongké iki kanggo nyemangati kowé supaya kowé bangga marang aku kabèh, lan nganggo cara kuwi, kowé isa njawab wong-wong sing bangga marang apa sing isa didelok, dudu marang apa sing ana ing njero ati. 13 Nèk aku kabèh tumindak kaya wong sing ora waras, aku kabèh nindakké kuwi kanggo Gusti Allah. Lan nèk aku kabèh tumindak nganggo pikiran sing waras, aku nindakké kuwi kanggo kowé kabèh. 14 Katresnané Kristus wis nyemangati aku kabèh, merga iki sing aku kabèh pahami: Wong siji wis mati kanggo kabèh wong, merga sakjané kabèh wong wis mati. 15 Dhèwèké wis mati kanggo kabèh wong, supaya wong-wong sing urip ora urip mung kanggo awaké dhéwé, nanging kanggo Kristus, sing mati kanggo wong-wong kuwi lan sing wis diuripké manèh.
16 Mula, wiwit saiki kita ora ngadili sapa waé miturut pandhangané manungsa. Senajan aku kabèh mbiyèn ndeleng Kristus nganggo cara kuwi, nanging saiki wis ora ngono manèh. 17 Mula, sapa waé sing nyawiji karo Kristus kuwi ciptaan anyar. Perkara-perkara sing lawas wis liwat, lan sing ana saiki kuwi perkara-perkara sing anyar. 18 Kuwi kabèh asalé saka Gusti Allah, sing wis ngrukunké kita karo Panjenengané liwat Kristus. Panjenengané uga maringi aku kabèh tugas kanggo ngrukunké, 19 yaiku tugas kanggo martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis ngrukunké donya iki karo Panjenengané. Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi, lan Panjenengané maringi aku kabèh gawéan kanggo ngumumké warta karukunan kuwi.
20 Dadi, aku kabèh iki utusan-utusan* sing dadi wakilé Kristus, lan kaya-kayané Gusti Allah nyuwun marang wong-wong liwat aku kabèh. Merga aku kabèh iki wakilé Kristus, mula aku kabèh nyuwun, ”Rukuna karo Gusti Allah.” 21 Kristus ora tau nindakké dosa lan Gusti Allah maringké dhèwèké dadi kurban kanggo dosa-dosa kita, supaya liwat dhèwèké kita dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah.