Lukas
23 Mula kabèh wong kuwi ngadeg lan nggawa Yésus marang Pilatus. 2 Banjur wong-wong kuwi mulai nudhuh Yésus, kandhané, ”Aku kabèh ngonangi nèk wong iki wis nyasarké bangsa iki, nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar, lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.” 3 Pilatus banjur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 4 Terus, Pilatus kandha marang para imam kepala lan wong akèh, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” 5 Nanging wong-wong kuwi ngotot, lan kandha, ”Dhèwèké wis ngojok-ojoki wong-wong nganggo cara mulang ing kabèh wilayah Yudéa, diwiwiti saka Galiléa nganti tekan kéné.” 6 Wektu krungu kuwi, Pilatus takon apa dhèwèké wong Galiléa. 7 Sakwisé ngerti nèk dhèwèké kuwi saka wilayah sing dikuwasani Hérodès, Pilatus ngirim dhèwèké marang Hérodès, sing wektu kuwi uga ana ing Yérusalèm.
8 Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget. Hérodès wis suwé péngin ketemu Yésus merga dhèwèké krungu akèh perkara bab Yésus, lan dhèwèké ngarep-arep isa ndelok mukjijat* saka Yésus. 9 Mula Hérodès ngejokké akèh pitakonan marang Yésus, nanging Yésus babar blas ora njawab. 10 Para imam kepala lan ahli Taurat bola-bali ngadeg lan nudhuh Yésus karo nesu. 11 Banjur Hérodès lan para prajurité tumindak ngrèmèhké Yésus. Dhèwèké nganggokké klambi sing apik marang Yésus kanggo ngécé Yésus. Terus dhèwèké ngirim Yésus bali marang Pilatus. 12 Wiwit dina kuwi, Hérodès lan Pilatus dadi kekancan, padahal sakdurungé wong loro kuwi mungsuhan.
13 Pilatus banjur nglumpukké para imam kepala, para panguwasa, lan rakyat, 14 lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh nggawa wong iki marang aku lan nudhuh dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong supaya mbrontak. Nanging, deloken! Aku wis mriksa dhèwèké ing ngarepmu kabèh, nanging aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. 15 Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki, merga dhèwèké ngirim wong iki bali marang aku. Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. 16 Mula, aku bakal mecuti dhèwèké lan mbébaské dhèwèké. 17 *—— 18 Nanging kabèh wong kuwi mbengok, ”Patènana* wong kuwi! Bébasna Barabas!” 19 (Barabas dilebokké penjara merga mèlu pembrontakan ing kutha lan matèni wong.) 20 Pilatus ngomong manèh marang wong-wong kuwi merga dhèwèké péngin mbébaské Yésus. 21 Banjur wong-wong kuwi mulai mbengok-mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak! Patènana wong kuwi ing cagak!” 22 Pilatus ngomong kanggo kaping teluné, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké? Aku ora nemokké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula aku bakal mecuti lan mbébaské dhèwèké.” 23 Wong-wong kuwi saya meksa nganggo swara sing seru supaya Yésus dihukum mati.* Wong-wong kuwi mbengok-mbengok terus nganti akiré Pilatus ngalah. 24 Pilatus banjur nggawé keputusan kanggo nindakké apa sing dijaluk wong-wong kuwi. 25 Pilatus mbébaské wong sing dijaluk wong akèh mau, yaiku wong sing dilebokké penjara merga mbrontak lan matèni wong. Nanging dhèwèké nyerahké Yésus kanggo dihukum mati, kaya sing dikarepké wong akèh.
26 Wektu lagi nggawa Yésus lunga, para prajurit nangkep Simon wong Kiréné, sing teka saka désa. Para prajurit kuwi ndèlèhké cagak paukumané* Yésus ing pundhaké Simon, lan ngongkon Simon mlaku ing mburiné Yésus. 27 Ana akèh wong sing ngetutké Yésus, klebu wong-wong wadon sing terus-terusan nggebugi awaké merga sedhih lan nangisi Yésus. 28 Yésus nolèh nyawang wong-wong wadon kuwi lan kandha, ”Wong-wong wadon Yérusalèm, aja nangisi aku manèh. Tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu. 29 Merga bakal tekan wektuné wong-wong padha kandha, ʼBungah wong-wong wadon sing mandhul, lan wong-wong wadon sing ora tau nglairké lan sing ora tau nyusoni!ʼ 30 Banjur wong-wong kuwi bakal mulai kandha marang gunung-gunung, ʼTutupana aku!ʼ lan marang bukit-bukit, ʼDhelikna aku!ʼ 31 Nèk wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara iki wektu wit isih seger, apa sing bakal kelakon wektu wit kuwi alum?”
32 Ana wong loro liyané, yaiku penjahat, sing uga digawa kanggo dihukum mati bareng Yésus. 33 Wektu wis tekan ing panggonan sing disebut Tengkorak, para prajurit maku Yésus ing cagak, ing antarané penjahat loro mau. Dadi, penjahat sing siji ana ing sisih tengené Yésus lan sing sijiné ing sisih kiwa. 34 Nanging Yésus kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” Para prajurit kuwi uga ngedum-edum klambiné Yésus nganggo cara diundhi. 35 Wong-wong padha ngadeg lan ndelok apa sing lagi kedadéan. Nanging, para panguwasa padha ngrèmèhké Yésus lan kandha, ”Wong liya dislametké. Nèk pancèn dhèwèké kuwi Kristus, Wong Pilihané Gusti Allah, ejarna waé dhèwèké nylametké dhèwèké dhéwé.” 36 Malah para prajurit uga ngécé Yésus. Para prajurit kuwi nyedhak lan nawani Yésus anggur kecut, 37 lan kandha, ”Nèk kowé Rajané Wong Yahudi, slametna awakmu dhéwé.” 38 Uga ana papan ing ndhuwur sirahé Yésus sing tulisané, ”Iki Rajané Wong Yahudi.”
39 Banjur, salah siji penjahat sing uga digantung ing kono mulai ngomong kasar marang Yésus, ”Jaré kowé Kristus! Coba slametna awakmu dhéwé lan aku kabèh!” 40 Penjahat sing sijiné ngélikké penjahat kuwi, ”Apa kowé babar blas ora wedi karo Gusti Allah? Kowé dhéwé nampa hukuman sing padha kaya dhèwèké. 41 Awaké dhéwé pancèn pantes dihukum, lan hukuman iki wis sakmesthiné awaké dhéwé tampa merga tumindaké awaké dhéwé. Nanging wong iki babar blas ora nindakké kesalahan.” 42 Banjur dhèwèké kandha, ”Yésus, élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.” 43 Lan Yésus kandha marang dhèwèké, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.”
44 Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan,* nanging kabèh dhaérah kuwi dadi peteng nganti jam 3 soré,* 45 merga srengéngéné ora ngetokké sinar. Banjur geber* ing bait suwèk dadi loro. 46 Yésus mbengok, ”Bapak, ing astané Panjenengan tak pasrahké nyawaku.”* Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus séda. 47 Merga ndelok apa sing kedadéan, ana siji perwira sing mulai ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ”Wong iki pancèn ora salah.” 48 Sakwisé ndelok apa sing kedadéan, kabèh wong sing ngumpul ing kono banjur padha mulih karo nggebugi dhadhané merga sedhih. 49 Kabèh wong sing kenal karo Yésus ngadeg ing kadohan. Wong-wong wadon sing wis ngancani Yésus saka Galiléa uga ana ing kana lan ndelok kabèh kedadéan kuwi.
50 Ana wong lanang sing jenengé Yusuf, salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké kuwi wong sing apik lan bener. 51 (Dhèwèké ora ndhukung rencana lan tumindaké Mahkamah Agung Yahudi.) Dhèwèké saka Arimatéa, salah siji kutha ing Yudéa. Dhèwèké lagi ngarep-arep Kratoné Allah. 52 Yusuf lunga nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus. 53 Banjur dhèwèké ngedhunké mayité Yésus lan mbungkus nganggo kain linen sing apik, banjur dipapanké ing kuburan sing wis digrowongi ing bukit watu. Durung tau ana wong sing dikubur ing kono. 54 Wektu kuwi dina Persiapan, lan Sabat wis arep dimulai. 55 Wong-wong wadon sing teka bareng Yésus saka Galiléa uga lunga kanggo ndelok kuburané Yésus lan piyé mayité Yésus dipapanké ing kono. 56 Wong-wong wadon kuwi banjur bali kanggo nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi. Nanging, ing dina Sabat, wong-wong wadon kuwi padha lèrèn, kaya sing dipréntahké ing Taurat.