2 Timotius
4 Ing ngarsané Gusti Allah lan Kristus Yésus, sing bakal ngadili wong urip lan wong mati wektu dhèwèké lan Kratoné dadi nyata, aku mènèhi kowé préntah: 2 Wartakna pangandikané Gusti Allah kanthi semangat, wektu kahanané apik utawa èlèk. Kandhanana, élikna, lan wènèhana naséhat kanthi sabar lan nggunakké cara mulang sing trampil. 3 Bakal tekan wektuné wong-wong ora ngrungokké wulangan sing bener,* nanging nuruti pepénginané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngumpulké guru-guru sing mung nyenengké kupingé wong-wong kuwi.* 4 Wong-wong kuwi bakal ora ngrungokké manèh apa sing bener lan bakal ngrungokké crita-crita palsu. 5 Nanging kowé, tetepa sadhar ing kahanan apa waé, tetepa tekun ngadhepi kahanan sing angèl, tindakna tugas dadi penginjil,* lan tindakna tugas pelayananmu kanthi tenanan.
6 Aku wis kaya persembahan anggur sing disokké, lan wektuné aku dibébaské wis cedhak. 7 Aku wis berjuang kanthi apik, aku wis mlayu tekan garis finis, lan aku wis nduduhké iman. 8 Wiwit saiki, Gusti, hakim sing adil, nyiapké mahkota kanggo aku. Mahkota kuwi kanggo wong sing bener, lan sukmbèn kuwi bakal diwènèhké marang aku dadi hadiah. Ora mung aku sing diwènèhi, nanging uga kabèh wong sing ngarep-arep wektuné Gusti dadi nyata.
9 Ngupayaa sak isa-isané supaya isa ndang nemoni aku. 10 Démas wis ninggalké aku merga nresnani donya* iki, lan dhèwèké wis lunga menyang Tésalonika, Kreskes menyang Galatia, lan Titus menyang Dalmatia. 11 Mung Lukas sing ana bareng karo aku. Markus ajaken mréné bareng karo kowé, merga dhèwèké bakal mbantu aku ing tugasku. 12 Nanging, aku wis ngutus Tikhikus menyang Éfésus. 13 Wektu kowé teka mréné, gawakna jubah sing tak tinggalké ing Troas ing omahé Karpus, lan gulungan-gulungan kitab, kususé perkamèn.*
14 Alèksander tukang tembaga kuwi nggawé aku sengsara banget. Yéhuwah bakal mbales dhèwèké miturut tumindaké. 15 Kowé uga kudu ngati-ati karo dhèwèké, merga dhèwèké nentang banget warta sing kita wartakké.
16 Ing pembélaanku sing kapisan, ora ana sing mbéla aku, nanging kabèh padha ninggalké aku. Muga-muga wong-wong kuwi ora dianggep salah merga bab kuwi. 17 Nanging Gusti ngadeg ing cedhakku lan mènèhi aku kekuwatan, supaya liwat aku gawéan martakké kuwi isa ditindakké kanthi lengkap lan kabèh bangsa isa krungu kuwi, lan aku dibébaské saka cangkemé singa. 18 Gusti bakal mbébaské aku saka kabèh kejahatan lan bakal nylametké aku kanggo Kratoné ing swarga. Muga-muga Gusti dimulyakké nganti saklawas-lawasé. Amin.
19 Wènèhna salamku marang Priska* lan Akuila, uga marang kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus.
20 Érastus tetep manggon ing Korintus, nanging aku ninggalké Trofimus ing Milétus merga dhèwèké lara. 21 Upayakna kanggo teka sakdurungé musim dingin.
Ébulus ngirim salam marang kowé, semono uga Pudens, Linus, Klaudia, lan kabèh sedulur liyané.
22 Muga-muga Gusti mberkahi semangat sing kok duduhké, lan muga-muga kowé terus nampa welas asihé sing nggumunké.*