Wahyu
8 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing kapitu, swarga dadi sepi kira-kira setengah jam suwéné. 2 Banjur aku ndelok ana malaékat pitu ngadeg ing ngarsané Gusti Allah lan malaékat kuwi diwènèhi pitung trompèt.
3 Malaékat liyané teka nggawa wadhah dupa saka emas, lan ngadeg ing cedhak mésbah. Dhèwèké diwènèhi dupa akèh banget, supaya isa ngobong kuwi ing mésbah emas sing ana ing ngarepé tahta kuwi wektu kabèh wong suci ndonga. 4 Dongané para wong suci lan kebul dupa sing ana ing tangané malaékat kuwi munggah ing ngarsané Gusti Allah. 5 Banjur malaékat kuwi langsung ngisi wadhah dupa mau nganggo geni sithik saka mésbah lan nguncalké kuwi menyang bumi. Terus ana gludhug lan swara-swara, kilat, lan gempa bumi. 6 Malaékat pitu sing nyekel pitung trompèt mau banjur siap-siap nyebul trompèté.
7 Malaékat sing kapisan nyebul trompèté. Banjur ana udan ès lan udan geni sing campur karo getih disokké ing bumi. Mula, seperteluné bumi, seperteluné wit-witan ing bumi, lan kabèh tanduran sing ijo-ijo, padha kobong.
8 Malaékat sing kapindho nyebul trompèté. Banjur ana sing kétoké kaya gunung gedhé sing kobong, diuncalké menyang laut. Mula seperteluné laut dadi getih. 9 Seperteluné makhluk sing urip* ing laut padha mati, lan seperteluné kapal-kapal padha remuk.
10 Malaékat sing katelu nyebul trompèté. Banjur ana bintang gedhé sing sumunar kaya lampu tiba saka langit. Bintang kuwi nibani seperteluné kali-kali lan sumber-sumber banyu. 11 Jenengé bintang kuwi Tanduran Pait. Mula seperteluné banyu dadi pait lan akèh wong padha mati merga banyu sing dadi pait kuwi.
12 Malaékat sing kapapat nyebul trompèté. Banjur seperteluné srengéngé, seperteluné bulan, seperteluné bintang-bintang dadi peteng. Ora ana pepadhang saksuwéné seperteluné wayah awan lan seperteluné wayah bengi.
13 Banjur aku ndelok ana manuk elang mabur ing langit, lan aku krungu manuk kuwi mbengok nganggo swara seru, ”Cilaka, cilaka, cilaka tenan wong-wong sing manggon ing bumi merga swara trompèté malaékat telu liyané! Malaékat-malaékat kuwi bakal ndang nyebul trompèté!”