1 Pétrus
3 Semono uga kowé para wong wadon, tundhuka marang bojomu, supaya nèk dhèwèké ora manut karo pangandikané Gusti Allah, dhèwèké isa dadi manut merga tumindakmu. Kowé ora perlu ngomong apa-apa, 2 merga dhèwèké wis ndelok dhéwé tumindakmu sing murni lan ngajèni. 3 Aja mung ngutamakké penampilanmu waé, yaiku gaya rambut sing anèh-anèh, perhiasan emas, utawa klambi sing larang, 4 nanging gawénen éndah atimu, yaiku batinmu nganggo perhiasan sing ora isa rusak yaiku sikap tenang lan watak sing alus, sing aji banget ing ngarsané Gusti Allah. 5 Ya kaya ngono kuwi carané para wong wadon suci ing jaman mbiyèn, sing ngarep-arep marang Gusti Allah, ndandani awaké. Para wong wadon kuwi tundhuk marang bojoné, 6 kaya Sara sing manut marang Abraham lan nyeluk Abraham ndara. Kowé kabèh dadi anak-anaké Sara nèk kowé terus nindakké apa sing apik lan ora dikalahké karo rasa wedi.
7 Semono uga kowé para wong lanang, nduwéa pangertèn marang bojomu saksuwéné kowé padha urip bareng. Ajènana bojomu, merga wong wadon kuwi luwih ringkih kaya barang sing gampang pecah, lan merga wong wadon kuwi padha-padha ahli warisé anugrah urip, bareng karo kowé. Nèk ora, donga-dongamu ora bakal dimirengké.
8 Sing pungkasan, kowé kabèh kudu nyawiji ing pikiran, isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor. 9 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan, lan nèk diécé aja mbales ngécé. Nanging, balesen nganggo tumindak sing apik,* merga kanggo kuwi kowé dipilih, supaya kowé isa nampa warisan berkah.
10 Merga ana tulisan sing kandha, ”Sapa waé sing nresnani urip lan péngin urip seneng kudu njaga ilaté saka omongan sing ala, lan lambéné saka apus-apus. 11 Dhèwèké kudu ngedohi apa sing ala lan nindakké apa sing apik, uga nggolèk lan ngupayakké katentreman. 12 Paningalé Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan talingané mirengké panyuwuné wong-wong kuwi. Nanging Yéhuwah sengit marang wong sing nindakké apa sing ala.”
13 Sapa sing bakal nyilakani kowé nèk kowé semangat nindakké apa sing apik? 14 Nanging senajan kowé kudu sengsara demi apa sing bener, kowé bakal bungah. Aja wedi marang apa sing diwedèni karo wong-wong, lan aja kuwatir. 15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu tansah siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon marang kowé bab pangarep-arep sing kok duwèni. Nanging, jawaben kanthi alus lan ngajèni.
16 Jaganen hati nuranimu tetep apik, supaya nèk ana sing ngèlèk-èlèk kowé nganggo cara apa waé, wong-wong kuwi bakal isin merga tumindakmu sing apik dadi pengikuté Kristus. 17 Luwih becik kowé ngalami kasangsaran merga nindakké apa sing apik, nèk Gusti Allah ngijinké kuwi, ketimbang merga nindakké apa sing jahat. 18 Malah Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, séda demi wong-wong sing ora bener. Dhèwèké séda sepisan kanggo saklawasé kanggo nyingkirké dosa lan nuntun kowé marang Gusti Allah. Dhèwèké dipatèni ing badan jasmani,* nanging diuripké manèh dadi makhluk roh. 19 Lan wektu dhèwèké dadi makhluk roh, dhèwèké martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara, 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh, wektu Gusti Allah kanthi sabar ngentèni bahtera dibangun, lan ing njeroné mung ana wong sithik, yaiku wolung jiwa,* sing digawa kanthi slamet ngliwati banyu.
21 Kedadéan kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé liwat Yésus Kristus sing diuripké manèh. Baptisan iki ora kanggo nyingkirké regedan saka badan, nanging kanggo nyuwun hati nurani sing apik marang Gusti Allah. 22 Kristus lungguh ing sisih tengené Gusti Allah merga dhèwèké munggah menyang swarga, lan para malaékat, pamréntah, lan panguwasa digawé tundhuk marang dhèwèké.