1 Yohanes
2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis kabèh iki marang kowé supaya kowé ora nindakké dosa. Nanging nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulung* kita, yaiku Yésus Kristus, sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah. 2 Dhèwèké kuwi kurban kanggo dosa-dosa kita sing ngrukunké kita karo Gusti Allah, malah ora mung kanggo dosa kita waé nanging uga kanggo dosané wong sak donya. 3 Nèk kita terus nindakké préntah-préntahé, kuwi mbuktèkké nèk kita kenal dhèwèké. 4 Wong sing kandha, ”Aku kenal dhèwèké,” nanging ora nindakké préntah-préntahé, wong kuwi tukang ngapusi lan apa sing bener ora ana ing njero atiné. 5 Nanging sapa waé sing nindakké omongané, wong kuwi mbuktèkké nèk bener-bener nresnani Gusti Allah. Nèk kita uga nindakké kuwi, kita nduduhké nèk nyawiji karo dhèwèké. 6 Wong sing ngaku nyawiji karo Yésus wajib nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus.
7 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sing tak tulis marang kowé iki dudu préntah anyar, nanging préntah lawas sing wis kok tampa saka wiwitan. Kowé kabèh wis tau krungu préntah lawas iki. 8 Senajan ngono, préntah sing tak tulis iki anyar. Préntah iki wis ditindakké karo Yésus lan uga kowé. Lan saiki, pepeteng wis mèh ilang lan pepadhang sejati wis sumunar.
9 Wong sing ngaku ana ing pepadhang, nanging sengit marang seduluré, wong kuwi isih ana ing pepeteng. 10 Wong sing nresnani seduluré tetep ana ing pepadhang, lan ora ana sing nggawé dhèwèké kesandhung. 11 Nanging wong sing sengit marang seduluré ana ing pepeteng lan mlaku ing pepeteng. Dhèwèké ora ngerti arep lunga menyang ngendi, merga pepeteng nyebabké mripaté ora weruh dalan.
12 Anak-anak, aku nulis marang kowé sebab dosa-dosamu wis diapura merga jenengé.* 13 Bapak-bapak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal dhèwèké, sing ana wiwit jaman mbiyèn. Bocah-bocah enom, aku nulis marang kowé sebab kowé wis ngalahké Sétan.* Anak-anak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal Gusti Allah, Bapak kita. 14 Bapak-bapak, aku nulis marang kowé sebab kowé wis kenal dhèwèké,* sing ana wiwit jaman mbiyèn. Bocah-bocah enom, aku nulis marang kowé sebab kowé kukuh lan pangandikané Gusti Allah tetep ana ing njero atimu, lan kowé wis ngalahké Sétan.*
15 Aja nresnani donya iki utawa kabèh perkara sing ana ing donya. Nèk wong nresnani donya iki, dhèwèké ora nresnani Bapak, 16 merga kabèh perkara sing ana ing donya iki, yaiku pepénginané badan sing dosa,* pepénginané mripat, lan pepénginan kanggo pamèr bandha, asalé ora saka Bapak nanging saka donya. 17 Sakliyané kuwi, donya iki lan pepénginané wis arep sirna, nanging wong sing nindakké kersané Gusti Allah bakal urip saklawasé.
18 Anak-anak, saiki kita ana ing wektu pungkasan. Kowé wis krungu nèk antikristus* bakal teka, lan saiki wis ana akèh antikristus, lan merga kuwi, kita ngerti nèk saiki kita urip ing wektu pungkasan. 19 Wong-wong kuwi mauné karo kita, nanging wong-wong kuwi metu merga béda karo kita. Nèk wong-wong kuwi padha kaya kita, wong-wong kuwi mesthi isih ana karo kita. Nanging, wong-wong kuwi metu supaya kétok cetha nèk ora kabèh wong padha kaya kita. 20 Kowé kabèh wis dilantik Gusti Allah Sing Suci, lan kowé kabèh wis ngerti sing bener. 21 Aku nulis marang kowé, dudu merga kowé ora ngerti apa sing bener, nanging merga kowé ngerti kuwi, lan merga ora ana perkara sing ngapusi sing asalé saka apa sing bener.
22 Sapa tukang ngapusi kuwi, nèk dudu wong sing ora ngakoni nèk Yésus kuwi Kristus? Iya kuwi antikristus,* yaiku wong sing nolak Bapak lan Putra. 23 Saben wong sing ora ngakoni Putra ora bakal ditampa Bapak. Nanging sapa waé sing ngakoni Putra bakal ditampa Bapak. 24 Apa sing wis kok rungokké saka wiwitan kudu tetep ana ing njero atimu. Nèk apa sing wis kok rungokké saka wiwitan kuwi tetep ana ing atimu, kowé bakal tetep nyawiji karo Putra lan nyawiji karo Bapak. 25 Sakliyané kuwi, Gusti Allah* wis njanjèkké urip langgeng marang kita.
26 Aku nulis bab-bab iki marang kowé merga ana sing ngupaya kanggo nyasarké kowé. 27 Gusti Allah wis nglantik kowé nganggo roh suciné, lan roh suci kuwi tetep ana ing kowé, mula ora perlu ana wong sing mulang kowé. Nanging, roh suci saka Panjenengané kuwi bener lan ora ngapusi, uga mulang kowé bab kabèh perkara. Kaya sing wis diwulangké marang kowé, tetepa nyawiji karo Panjenengané. 28 Mula, anak-anak, tetepa nyawiji karo Yésus,* supaya wektu dhèwèké dadi nyata, kita nduwé kebébasan kanggo ngomong, lan ora ngrasa isin banjur ngedoh saka dhèwèké ing mangsa rawuhé. 29 Kowé ngerti nèk dhèwèké kuwi bener, mula kowé uga ngerti nèk saben wong sing nindakké apa sing bener kuwi anaké Gusti Allah.