Éfésus
5 Dadi, tirunen Gusti Allah kaya anak-anak sing ditresnani, 2 lan terusa nresnani, kaya Kristus uga nresnani kita* lan masrahké awaké kanggo kita* dadi persembahan lan kurban sing wangi kanggo Gusti Allah.
3 Aja nganti kowé padha ngomongké bab hubungan sèks sing ora sah* lan saben jenis kenajisan utawa kesrakahan, merga kuwi ora pantes kanggo wong-wong suci, 4 uga aja tumindak sing ngisin-isini utawa omongan sing ora ana gunané utawa guyonan sing saru-saru, merga kuwi kabèh ora pantes, nanging kowé padha ngucapa sokur. 5 Merga kowé dhéwé ngerti lan sadhar nèk wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah* utawa wong sing najis utawa wong sing srakah, sing padha karo wong sing nyembah brahala, ora bakal nampa warisan ing Kratoné Allah, sing dipréntah karo Kristus.
6 Aja nganti ana sing ngapusi kowé nganggo tembung-tembung sing ora ana gunané, merga bab-bab kuwi nggawé Gusti Allah murka marang wong-wong sing ora manut. 7 Dadi, aja nindakké apa sing ditindakké* wong-wong kuwi. 8 Mbiyèn, kowé ana ing pepeteng, nanging saiki kowé ana ing pepadhang merga wis dadi duwèké Gusti. Terusa urip dadi anak-anaké pepadhang, 9 merga pepadhang ngasilké kabèh bab sing apik, adil, lan bener. 10 Terus pastèkna apa sing nyenengké Gusti.* 11 Aja mèlu-mèlu manèh nindakké tumindak pepeteng sing ora ana gunané, nanging duduhna nèk kowé ora seneng karo kuwi kabèh. 12 Merga apa sing meneng-meneng ditindakké karo wong-wong kuwi ngisin-isini banget kanggo diomongké. 13 Kabèh perkara kuwi disingkapké karo pepadhang, supaya kabèh perkara sing disingkapké kuwi dadi padhang. 14 Mula Kitab Suci kandha, ”Kowé sing lagi turu, tangia lan uripa manèh saka antarané wong mati, lan Kristus bakal madhangi kowé.”
15 Mula gatèkna tenanan cara uripmu supaya kowé dadi wong sing wicaksana, dudu wong sing ora wicaksana. 16 Gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik,* merga saiki kita urip ing jaman sing jahat. 17 Dadi, aja tumindak sing ora masuk akal manèh, nanging terusa pahami apa kersané Yéhuwah. 18 Uga, aja mabuk merga anggur, sebab uripmu bakal rusak.* Nanging terusa dikebaki karo roh suci. 19 Kuwatna siji lan sijiné* nganggo mazmur, lagu pamuji kanggo Gusti Allah, lan lagu rohani. Nyanyia lagu pamuji kanggo Yéhuwah saka atimu. 20 Ing bab apa waé, terusa ngucap sokur marang Gusti Allah, Bapak kita, nganggo jenengé Gusti kita Yésus Kristus.
21 Manuta marang siji lan sijiné merga tenanan ngajèni Kristus. 22 Wong wadon kudu manut marang bojoné, kaya marang Gusti, 23 merga wong lanang kuwi kepalané bojoné, kaya Kristus kuwi kepalané jemaat, yaiku badané, sing wis dhèwèké slametké. 24 Sakjané, kaya jemaat manut marang Kristus, wong wadon uga kudu manut marang bojoné ing kabèh perkara. 25 Wong-wong lanang, terusa nresnani bojomu, kaya Kristus uga nresnani jemaat lan masrahké awaké kanggo jemaat, 26 supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci, ngresiki kuwi nganggo banyu, yaiku pangandikané Gusti Allah. 27 Nganggo cara kuwi, kanggoné Yésus dhéwé, jemaat dadi éndah, ora reged, tanpa kerut utawa karusakan liyané, nanging dadi suci lan tanpa cacad.
28 Nganggo cara sing padha, wong-wong lanang kudu nresnani bojoné kaya nresnani badané dhéwé. Wong lanang sing nresnani bojoné nresnani badané dhéwé, 29 merga ora ana wong sing sengit marang badané* dhéwé, nanging badané mesthi diwènèhi mangan lan diopèni, kaya sing ditindakké Kristus marang jemaat, 30 sebab kita iki anggota badané. 31 ”Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji.”* 32 Rahasia suci iki penting. Saiki aku ngomong bab Kristus lan jemaat. 33 Nanging kanggo kowé, saben wong lanang ing antaramu kudu nresnani bojoné kaya nresnani badané dhéwé, semono uga sing wadon kudu bener-bener ngajèni bojoné.