PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Tésalonika 3
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Tésalonika

    • 3

      • Terus ndonga (1-5)

      • Naséhat sing tegas bab tumindak sing ora tertib (6-15)

      • Salam panutup (16-18)

2 Tésalonika 3:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”si jahat”.

2 Tésalonika 3:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”tradhisi”.

  • *

    Utawa mungkin ”sing wong-wong kuwi tampa”.

2 Tésalonika 3:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”gratis”.

2 Tésalonika 3:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
  • Wacanen ing Terjemahan Donya Anyar (nwt)
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
2 Tésalonika 3:1-18

2 Tésalonika

3 Akiré, sedulur-sedulur, terusa ndonga kanggo aku kabèh, supaya pangandikané Yéhuwah terus nyebar kanthi cepet lan dimulyakké ing antarané wong-wong, kaya sing kelakon ing antaramu, 2 lan supaya aku kabèh dislametké saka wong-wong sing jahat lan kejem, merga iman kuwi dudu duwèké kabèh wong. 3 Nanging Gusti kuwi setya, lan dhèwèké bakal nguwatké kowé lan nglindhungi kowé kabèh saka Sétan.* 4 Sakliyané kuwi, aku kabèh yaiku para pengikuté Gusti, yakin nèk kowé lagi padha nindakké lan bakal terus nindakké arahan saka aku kabèh. 5 Muga-muga Gusti terus nuntun atimu supaya kowé padha nresnani Gusti Allah lan tekun demi Kristus.

6 Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, saiki aku kabèh péngin mènèhi kowé arahan iki: Edohana sedulur-sedulur sing ora tertib lan ora manut arahan* sing kok tampa* saka aku kabèh. 7 Merga kowé dhéwé wis padha ngerti piyé carané kudu niru aku kabèh. Wektu bareng karo kowé, aku kabèh ora tumindak kaya wong sing ora tertib. 8 Aku ya ora tau njaluk-njaluk panganan tanpa mbayar.* Nanging, aku kabèh padha mempeng nyambut gawé lan ngupaya kanthi tenanan awan lan bengi supaya aku ora mbebani sapa waé ing antaramu nganggo ragad sing gedhé. 9 Senajan nduwé hak, nanging aku kabèh ora gelem kaya ngono, merga aku kabèh péngin dadi conto kanggo kok tiru. 10 Malah, wektu ana bareng karo kowé, aku kabèh tau mènèhi préntah iki: ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.” 11 Merga aku krungu nèk ana wong-wong ing antaramu sing ora tertib, sing babar blas ora nyambut gawé nanging seneng nyampuri urusané wong liya. 12 Marang wong-wong kaya ngono kuwi, aku mènèhi préntah lan naséhat sing tegas nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, yaiku supaya wong-wong kuwi ngurusi urusané dhéwé lan mangan saka hasil nyambut gawéné dhéwé.

13 Nanging sedulur-sedulur, kowé kabèh aja padha nyerah nindakké apa sing apik. 14 Nèk ana sing ora manut karo arahan sing tak wènèhké liwat surat iki, tandhanana wong kuwi lan aja srawung manèh karo dhèwèké, supaya dhèwèké isin. 15 Nanging, aja nganggep dhèwèké kuwi mungsuh. Sewaliké, terus wènèhana naséhat kaya sedulur.

16 Muga-muga Gusti katentreman tansah maringi kowé katentreman ing samubarang. Muga-muga Gusti mberkahi kowé kabèh.

17 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé. Tulisan tangan iki dadi tandha ing saben suratku, sing nduduhké nèk kabèh surat iki saka aku.

18 Muga-muga kowé padha terus nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti kita Yésus Kristus.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim