Yohanes
11 Ana wong lanang jenengé Lazarus lagi lara. Dhèwèké saka Bétani. Maria lan seduluré wadon, yaiku Marta, manggon ing désa kuwi. 2 Maria iki wong wadon sing mbiyèn tau ngesokké lenga wangi ing sikilé Gusti, banjur ngusapi nganggo rambuté. Lan Lazarus sing lara mau, kuwi seduluré. 3 Mula, sedulur-sedulur wadoné Lazarus ngongkon wong kanggo ngabari Yésus, ”Gusti, sahabat sing panjenengan tresnani saiki lagi lara.” 4 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha, ”Tujuané penyakit kuwi ora nggawé mati, nanging kanggo kamulyané Gusti Allah, supaya Putrané Gusti Allah dimulyakké nganggo cara kuwi.”
5 Yésus nresnani Marta, Maria, lan Lazarus. 6 Nanging, wektu krungu nèk Lazarus lara, Yésus tetep manggon rong dina manèh ing panggonané. 7 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga manèh menyang Yudéa.” 8 Murid-muridé kandha, ”Rabi, lagi waé wong-wong Yudéa ngupaya mbandhemi panjenengan, lan saiki panjenengan arep mrana manèh?” 9 Yésus njawab, ”Wayah awan kuwi suwéné 12 jam, ta? Nèk ana wong sing mlaku pas wayah awan, dhèwèké ora bakal kesandhung merga dhèwèké ndelok pepadhangé donya iki. 10 Nanging nèk ana wong sing mlaku pas wayah wengi, dhèwèké bakal kesandhung merga ora ana pepadhang ing awaké.”
11 Sakwisé ngomongké bab kuwi, Yésus ngomong manèh, ”Lazarus, sahabat kita wis turu, nanging aku mrana kanggo nggugah dhèwèké.” 12 Murid-muridé banjur kandha, ”Gusti, nèk dhèwèké turu, dhèwèké bakal séhat.” 13 Sakjané, maksudé Yésus yaiku Lazarus wis mati. Nanging murid-muridé mikir nèk maksudé Yésus yaiku Lazarus lagi turu kanggo istirahat. 14 Banjur Yésus terus terang ngandhani murid-muridé, ”Lazarus wis mati. 15 Kanggo kepentinganmu, aku seneng wektu kuwi aku ora ana ing kana, merga apa sing bakal tak tindakké isa nguwatké imanmu. Ayo saiki awaké dhéwé mrana.” 16 Mula Tomas, sing disebut Kembar kandha marang murid-murid liyané, ”Ayo awaké dhéwé lunga sisan, supaya isa mati bareng Yésus.”
17 Wektu Yésus tekan kana, Yésus ngerti nèk Lazarus wis patang dina dikubur. 18 Bétani kuwi cedhak karo Yérusalèm, adohé kira-kira telung kilomèter.* 19 Lan akèh wong-wong Yahudi padha mara kanggo nglipur Marta lan Maria sing bar kélangan seduluré. 20 Wektu Marta krungu nèk Yésus teka, dhèwèké lunga nemoni Yésus. Nanging Maria tetep ing omah. 21 Marta kandha marang Yésus, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati. 22 Nanging senajan ngono, aku tetep percaya nèk apa waé sing panjenengan suwun marang Gusti Allah, Gusti Allah bakal maringi.” 23 Yésus kandha, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh ing dina pungkasan.” 25 Yésus kandha marang Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip. Sapa waé sing nduduhké iman marang aku, senajan dhèwèké mati, dhèwèké bakal urip manèh. 26 Lan saben wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati. Apa kowé percaya bab iki?” 27 Marta njawab, ”Iya, Gusti, aku percaya nèk panjenengan kuwi Kristus, Putrané Gusti Allah, sing teka ing donya.” 28 Sakwisé ngomongké kuwi, Marta banjur lunga lan nyeluk Maria seduluré. Marta mbisiki Maria, ”Guru wis teka lan dhèwèké nyeluk kowé.” 29 Wektu krungu kuwi, Maria langsung ngadeg lan nemoni Yésus.
30 Yésus durung tekan ing désa kuwi, nanging isih ana ing panggonan wektu Marta nemoni dhèwèké. 31 Wektu wong-wong Yahudi sing lagi nglipur Maria ing omahé weruh nèk Maria cepet-cepet ngadeg lan metu, wong-wong kuwi ngetutké Maria, merga ngira nèk Maria arep lunga menyang kuburan lan nangis ing kana. 32 Wektu Maria tekan ing panggonané Yésus mau lan ndelok Yésus, Maria banjur sujud ing sikilé Yésus lan kandha, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” 33 Yésus weruh Maria nangis lan wong-wong Yahudi sing teka bareng Maria ya nangis, mula atiné Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah. 34 Yésus takon, ”Dhèwèké kok papanké ing ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Ayo Gusti, ndelok mrana.” 35 Yésus nètèské luh. 36 Wong-wong Yahudi kuwi padha kandha, ”Deloken, dhèwèké tresna banget marang Lazarus.” 37 Nanging ing antarané wong-wong kuwi ana sing kandha, ”Dhèwèké kan isa marèkké* wong wuta, mosok ora isa nyegah bèn Lazarus ora mati?”
38 Sepisan manèh, atiné Yésus dadi sedhih banget, banjur lunga menyang kuburan kuwi. Sakjané, kuburan kuwi guwa sing ditutup nganggo watu gedhé. 39 Yésus kandha, ”Watuné singkirna.” Marta, seduluré wong sing mati mau kandha, ”Gusti, dhèwèké mesthi wis mambu, merga wis mati patang dina.” 40 Yésus kandha, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kamulyané Gusti Allah.” 41 Wong-wong kuwi banjur nyingkirké watuné. Terus Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, aku matur nuwun merga Panjenengan wis mirengké aku. 42 Aku ngerti nèk Panjenengan mesthi mirengké aku. Nanging aku ngomong iki kanggo wong akèh ing sakiwa-tengenku, supaya wong-wong iki percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku.” 43 Sakwisé ngomong kuwi, Yésus banjur mbengok, ”Lazarus, metua!” 44 Wong sing wis mati kuwi banjur metu. Sikil lan tangané isih keblebed kain, lan rainé uga keblebed kain. Yésus banjur kandha marang wong-wong kuwi, ”Uculana blebedé lan ejarna dhèwèké lunga.”
45 Mula, akèh wong Yahudi sing marani Maria mau lan sing ndelok apa sing wis ditindakké Yésus, dadi padha nduwé iman marang Yésus. 46 Nanging saka antarané wong-wong kuwi, ana sing lunga marang wong Farisi lan nglaporké apa sing bar ditindakké Yésus. 47 Mula imam kepala lan wong-wong Farisi nglumpukké kabèh anggota Sanhèdrin* lan kandha, ”Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké, merga wong iki wis nggawé akèh mukjijat?* 48 Nèk dhèwèké dijarké terus, kabèh wong bakal nduwé iman marang dhèwèké, lan wong-wong Romawi bakal teka lan ngrebut bait uga bangsa kita.” 49 Nanging salah siji wong saka antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, yaiku imam agung ing taun kuwi, kandha, ”Apa kowé kabèh padha ora ngerti? 50 Apa kowé uga ora sadhar nèk luwih becik wong siji mati kanggo kepentingané sak bangsa, ketimbang sak bangsa disirnakké?” 51 Sakjané, Kayafas ngomong kaya ngono ora saka pikirané dhéwé. Nanging merga dhèwèké imam agung ing taun kuwi, Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo ngramalké nèk Yésus bakal mati kanggo bangsa kuwi, 52 lan ora mung kanggo bangsa kuwi, nanging uga kanggo ngumpulké anak-anaké Gusti Allah sing mencar ing ngendi-endi. 53 Mula wiwit dina kuwi, wong-wong mau sepakat kanggo matèni Yésus.
54 Mulané, Yésus ora ngétok manèh ing ngarepé wong-wong Yahudi, nanging dhèwèké lunga saka kono menyang dhaérah ing cedhak padhang belantara, ing kutha sing disebut Éfraim, lan manggon ing kana bareng karo murid-muridé. 55 Riyaya Paskah wong Yahudi wis cedhak, lan akèh wong saka désa-désa padha lunga menyang Yérusalèm sakdurungé Paskah, kanggo upacara nyucèkké badan miturut hukum Taurat. 56 Wong-wong kuwi padha nggolèki Yésus, lan ngomong marang siji lan sijiné, karo ngadeg ing bait, ”Miturutmu piyé? Apa dhèwèké bener-bener ora bakal teka ing riyaya iki?” 57 Nanging para imam kepala lan wong-wong Farisi wis mréntahké supaya saben wong sing ngerti Yésus ing ngendi, wong kuwi kudu nglaporké marang para imam kepala uga wong-wong Farisi, supaya wong-wong kuwi isa nyekel Yésus.