Yunus
3 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Yunus,+ 2 ”Mangkata menyang Niniwé,+ kutha sing gedhé kuwi, lan umumna berita sing Tak sampèkké marang kowé.”
3 Yunus manut marang Yéhuwah+ lan mangkat menyang Niniwé.+ Niniwé kuwi kutha sing gedhé banget.* Butuh wektu telung dina kanggo mlaku ngubengi kutha kuwi. 4 Yunus mlebu ing kutha kuwi, terus mlaku sedina muput karo ngumumké,* ”Patang puluh dina manèh, Niniwé bakal dihancurké.”
5 Bar krungu kuwi, wong Niniwé dadi nduwé iman marang Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi padha mutuské nèk arep pasa lan nganggo kain goni. Kabèh wong padha nindakké kuwi, saka rakyat biasa nganti pejabat. 6 Wektu krungu berita sing disampèkké Yunus, raja Niniwé ngadeg saka takhtané lan nyopot jubah kerajaané. Terus, dhèwèké nganggo kain goni lan lungguh ing awu. 7 Sakliyané kuwi, Raja mréntahké bèn pengumuman disampèkké marang kabèh penduduk Niniwé, yaiku:
”Iki keputusané Raja lan pejabaté: Manungsa utawa kéwan, embuh kuwi sapi, kambing, utawa domba, ora ana sing éntuk mangan. Kabèh ora éntuk mangan lan ngombé apa-apa. 8 Manungsa lan kéwan kudu nganggo kain goni. Kabèh wong kudu tenanan ndonga marang Gusti Allah lan ora nindakké manèh apa sing jahat lan sing kejem. 9 Sapa ngerti Gusti Allah sing bener bakal ngubah keputusané* lan ora nesu manèh, bèn awaké dhéwé ora mati.”
10 Pas ngerti nèk wong-wong kuwi wis ora nindakké sing jahat lan sing kejem manèh,+ Gusti Allah sing bener ngubah keputusané lan ora sida ngukum wong-wong kuwi.+