Mazmur
Lagu sing digawé Asaf.+
82 Gusti Allah ngadeg ing antarané allah-allah.*+
Dhèwèké ngadili ing antarané allah-allah kuwi lan kandha,+
2 ”Nganti kapan kowé ora adil wektu ngadili+
Lan terus mbéla wong jahat?+ (Sela)
3 Kuduné kowé mbéla* wong cilik lan bocah yatim.+
Kuduné kowé adil marang wong sing susah lan sing mlarat.+
4 Kuduné kowé nulungi wong cilik lan wong mlarat.
Kuduné kowé nylametké wong-wong kuwi saka wong jahat.”
5 Allah-allah kuwi ora ngerti lan ora paham.+
Allah-allah kuwi mlaku ing petengan.
Ora ana sing adil, lan ora ana sing manut karo hukum.*+
7 Ning, kowé bakal mati kaya manungsa liyané.+
Kowé bakal mati kaya para pemimpin liyané.”+
8 Oh Gusti Allah, tulung Njenengan tumindak lan ngadili wong-wong ing bumi,+
Merga kabèh bangsa kuwi duwèk-Mu.