PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Zakharia 13
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Zakharia

      • Nyingkirké brahala lan nabi palsu (1-6)

        • Nabi-nabi palsu bakal kisinan (4-6)

      • Gembalané Gusti Allah bakal diserang (7-9)

        • Sing sithik kuwi bakal digawé murni (9)

Zakharia 13:1

Réferènsi Silang

  • +Yèh 36:25, 29

Zakharia 13:2

Réferènsi Silang

  • +Pa 23:13
  • +PT 13:5

Zakharia 13:3

Réferènsi Silang

  • +PT 13:6-9; 18:20

Zakharia 13:4

Réferènsi Silang

  • +2Raj 1:8; Mat 3:4

Zakharia 13:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mung wong sing nggarap tanah”.

Zakharia 13:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Ing antarané tanganmu”. Maksudé, ing dhadha utawa ing geger.

Zakharia 13:7

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:23; Mi 5:4; Yoh 10:11; Ibr 13:20
  • +Yés 53:8; Dan 9:26; Kis 3:18
  • +Mat 26:31, 55, 56; Mrk 14:27, 50; Yoh 16:32

Zakharia 13:9

Réferènsi Silang

  • +Mal 3:2, 3
  • +Yér 30:22

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Za. 13:1Yèh 36:25, 29
Za. 13:2Pa 23:13
Za. 13:2PT 13:5
Za. 13:3PT 13:6-9; 18:20
Za. 13:42Raj 1:8; Mat 3:4
Za. 13:7Yèh 34:23; Mi 5:4; Yoh 10:11; Ibr 13:20
Za. 13:7Yés 53:8; Dan 9:26; Kis 3:18
Za. 13:7Mat 26:31, 55, 56; Mrk 14:27, 50; Yoh 16:32
Za. 13:9Mal 3:2, 3
Za. 13:9Yér 30:22
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Zakharia 13:1-9

Zakharia

13 ”Ing dina kuwi, bakal ana sumur sing digali kanggo ngresiki dosa lan kenajisané keturunané Daud lan penduduk Yérusalèm.”+

2 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Ing dina kuwi, Aku bakal ngancurké brahala-brahala saka tanah iki,+ lan kuwi ora bakal diéling-éling manèh. Aku bakal nyingkirké nabi palsu+ lan kuwasa sing najis saka tanah iki. 3 Nèk ana wong sing nyampèkké ramalan palsu, bapak lan ibuné dhéwé bakal ngomong marang dhèwèké, ’Kowé kudu mati merga kowé ngomongké sing ora bener nganggo jeneng Yéhuwah.’ Terus, bapak lan ibuné mau bakal nusuk dhèwèké merga dhèwèké wis nyampèkké ramalan palsu.+

4 ”Ing dina kuwi, kabèh nabi bakal kisinan wektu nyampèkké wahyu sing isiné ramalan palsu. Para nabi kuwi ora bakal nganggo jubah nabi saka wulu+ kanggo ngapusi. 5 Para nabi kuwi kandha, ’Aku dudu nabi. Aku mung petani,* merga pas isih enom aku dituku dadi budhak.’ 6 Nèk ana sing takon, ’Ing awakmu* iki ana bekas luka apa?’ dhèwèké bakal njawab, ’Iki luka merga aku digebugi ing omahé kancaku.’”

 7 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Hé pedhang, tangia nglawan gembala-Ku,+

Nglawan wong sing cedhak karo Aku.

Serangen gembala kuwi,+ lan bèn waé domba-dombané kocar-kacir.+

Aku dhéwé bakal nglawan wong-wong sing dianggep rèmèh.”

 8 Yéhuwah kandha, ”Akèh-akèhé penduduk tanah iki bakal dipatèni lan disingkirké,

Lan mung sithik sing bakal tetep urip.

 9 Sing sithik kuwi bakal Tak uji lan Tak gawé murni,

Kaya nggawé murni emas lan pérak nganggo geni.+

Wong-wong kuwi bakal nyebut jeneng-Ku,

Lan Aku bakal njawab.

Aku bakal kandha, ’Wong-wong kuwi umat-Ku,’+

Lan wong-wong kuwi bakal kandha, ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah-Ku.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim