Ayub
26 Ayub njawab,
2 ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah.
Kowé ya wis kerep nylametké wong sing ora nduwé kekuwatan.+
3 Naséhatmu marang wong sing ora wicaksana kuwi apik banget.+
Akèh banget kawicaksananmu sing mbok omongké.
4 Kowé arep ngomong karo sapa?
Sapa sing ngandhani kowé bèn ngomong kaya ngéné iki?*
5 Merga kuwasané Gusti Allah, wong mati* kaya nganti ndredheg.
Wong-wong kuwi luwih rendhah timbang laut lan kabèh kéwan sing ana ing kono.
6 Gusti Allah isa ndelok kabèh sing ana ing njero Kuburan,*+
Malah Dhèwèké isa ndelok awaké wong mati hancur ing kono.*
7 Dhèwèké nggelar langit ing angkasa+
Lan nggantung bumi tanpa canthèlan.
8 Dhèwèké ngisi méga nganggo banyu,+
Ning, méga kuwi ora pecah merga kabotan banyu.
9 Dhèwèké nutupi takhtané
Nganggo méga bèn ora kétok.+
10 Dhèwèké nggawé batas* antarané langit lan laut.+
Dhèwèké nggawé batas antarané padhang lan peteng.
11 Cagak-cagaké langit goncang
Lan ndredheg merga krungu swarané Gusti Allah sing banter banget.
12 Nganggo kuwasané,+ Dhèwèké nggawé ombak ing laut dadi gedhé banget,
Lan nganggo pemahamané, Dhèwèké matèni kéwan laut sing gedhé banget.*+
13 Dhèwèké nggunakké angin* bèn langit dadi resik.
Dhèwèké matèni ula sing mlayuné cepet banget.
14 Kuwi mung sithik saka hasil gawéané.+
Awaké dhéwé mung krungu swarané sing lirih banget.
Dadi, sapa sing isa paham swara bledhègé sing banter banget?”+