Pangentasan
24 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Munggaha ing gunung karo Harun, Nadab, Abihu,+ lan 70 pemimpiné* Israèl, lan kowé kudu sujud marang Aku saka kadohan. 2 Mung Musa sing éntuk nyedhaki Yéhuwah. Sing liyané ora éntuk nyedhak. Wong Israèl liyané ora éntuk mèlu munggah.”+
3 Terus, Musa nyritakké kabèh sing diomongké Yéhuwah lan kabèh hukumé marang wong Israèl.+ Wong-wong kuwi padha setuju lan njawab, ”Aku gelem nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah.”+ 4 Musa nulis kabèh préntahé Yéhuwah.+ Musa tangi ésuk-ésuk, terus nggawé mézbah lan ndèlèhké 12 watu ing ngisor gunung, sesuai karo jumlahé suku Israèl. 5 Bar kuwi, Musa ngongkon cah-cah enom Israèl mènèhi persembahan bakaran lan ngorbanké sapi lanang dadi korban+ kerukunan kanggo Yéhuwah. 6 Musa njupuk setengahé getih korban kuwi, terus diesokké ing mangkok-mangkok. Setengahé manèh dicipratké ing mézbah. 7 Musa njupuk buku perjanjian, terus diwacakké marang bangsa Israèl.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku gelem nindakké lan manut karo kabèh préntahé Yéhuwah.”+ 8 Musa njupuk getih, terus nyipratké kuwi marang wong Israèl.+ Musa kandha, ”Getih iki ngesahké perjanjian sing digawé Yéhuwah karo kowé, sesuai karo kabèh omongan sing mbok rungokké mau.”+
9 Musa, Harun, Nadab, Abihu, lan 70 pemimpiné Israèl munggah gunung. 10 Wong-wong kuwi ndelok Gusti Allahé Israèl.+ Ing ngisor sikilé kaya ana lantai saka watu safir, lan kuwi kaya langit sing cerah.+ 11 Para pemimpiné Israèl+ kuwi isa ndelok Gusti Allah liwat wahyu wektu wong-wong kuwi lagi mangan lan ngombé. Ning, Gusti Allah ora ngukum wong-wong kuwi.
12 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kowé kudu munggah ing gunung lan ngadhep Aku, lan kowé kudu tetep ana ing gunung. Aku bakal mènèhi kowé lèmpèngan watu loro. Hukum lan préntah-Ku bakal Tak tulis ing kono kanggo mulang wong Israèl.”+ 13 Musa lan Yosua+ abdiné mulai munggah gunung, lan Musa terus munggah ing gunungé Gusti Allah sing bener.+ 14 Musa wis ngomongi para pemimpiné bangsa Israèl, ”Kowé kudu ngentèni ing kéné nganti aku bali.+ Ing kéné ana Harun lan Hur.+ Nèk ana sing nduwé masalah sing abot, isa nemoni wong-wong kuwi.”+ 15 Musa munggah ing gunung sing ditutupi méga.+
16 Kemuliaané Yéhuwah+ tetep ana ing Gunung Sinai.+ Gunung kuwi ditutupi méga enem dina suwéné. Ing dina kepitu, Gusti Allah ngundang* Musa saka njeroné méga kuwi. 17 Kanggoné wong Israèl, kemuliaané Yéhuwah kétok kaya geni sing gedhé ing puncak gunung. 18 Musa mlebu ing méga kuwi lan munggah ing puncak gunung.+ Musa ana ing kono 40 dina 40 bengi.+