Mazmur
43 Oh Gusti Allah, wènèhana aku keadilan.+
Tulung bélanen kasusku+ nglawan bangsa sing ora setya.
Slametna aku saka wong sing seneng ngapusi lan sing ora bener.
2 Njenengan kuwi Gusti Allahku, bèntèngku.+
Ngapa Njenengan ninggalké aku?
Ngapa aku kudu terus-terusan sedhih merga ditindhes mungsuhku?+
3 Wènèhana aku cahaya-Mu lan wulangan-Mu sing bener.+
Muga-muga kuwi nuntun aku.+
Muga-muga kuwi ngarahké aku ing gunung-Mu sing suci lan ing panggonan-Mu.*+
4 Aku bakal teka ing mézbahé Gusti Allah.+
Aku bakal seneng banget merga Gusti Allahku.
Oh Gusti Allah, Gusti Allahku, aku bakal muji Njenengan nganggo harpa.+
5 Ngapa kok aku putus asa?
Ngapa kok aku ora isa tenang?