Mazmur
Lagu sing digawé Asaf.+
50 Yéhuwah,*+ Gusti Allah sing luwih luhur timbang gusti allah liyané, wis ngomong.
Dhèwèké ngundang kabèh penduduk bumi
Saka wétan nganti kulon.*
2 Gusti Allah bersinar saka Zion, kutha sing apik banget.+
3 Gusti Allah bakal teka lan mesthi bakal tumindak.+
4 Pas Dhèwèké ngadili umaté,+
Dhèwèké ngundang langit lan bumi+ bèn dadi seksi. Dhèwèké ngomong,
5 ”Kumpulna para abdi-Ku sing setya,
Sing nggawé perjanjian karo Aku liwat korban.”+
6 Langit nyritakké nèk Gusti Allah kuwi adil,
Merga Dhèwèké kuwi Hakim.+ (Sela)
7 ”Umat-Ku, rungokna, Aku arep ngomong.
Israèl, Aku bakal mènèhi bukti kanggo nglawan kowé.+
Aku iki Gusti Allah, Gusti Allahmu.+
8 Aku nyenèni kowé dudu merga korban sing mbok wènèhké,
Lan dudu merga persembahan bakaran sing terus mbok wènèhké marang Aku.+
9 Aku ora butuh sapi saka omahmu
Utawa kambing* saka kandhangmu,+
10 Merga kabèh kéwan liar ing hutan kuwi duwèk-Ku,+
Lan kéwan liar sing manggon ing kabèh gunung kuwi ya duwèk-Ku.
11 Aku ngerti saben manuk ing gunung.+
Kabèh kéwan ing padhang kuwi duwèk-Ku.
13 Apa Aku perlu mangan dagingé sapi
Lan ngombé getihé kambing?+
14 Wènèhna korban marang Gusti Allah,+ yaiku ucapan syukur,
Lan kowé kudu nepati janjimu marang Sing Mahaluhur.+
15 Kowé kudu njaluk tulung marang Aku pas lagi susah.+
Aku bakal nylametké kowé, lan kowé bakal ngluhurké Aku.”+
16 Ning Gusti Allah bakal kandha marang wong jahat,
”Apa hakmu nyritakké soal peraturan-peraturan-Ku+
Utawa ngomongké soal perjanjian-Ku?+
18 Wektu kowé ndelok maling, kowé kekancan karo* dhèwèké,+
Lan kowé terus-terusan bergaul karo wong sing laku jina.
19 Kowé terus-terusan ngomongké sing èlèk,
Lan kowé seneng ngapusi.+
20 Kowé ngomongké sing èlèk soal sedulurmu dhéwé.+
Kowé mitnah* sedulur kandhungmu dhéwé.
21 Aku meneng waé pas kowé nindakké kabèh kuwi,
Dadi kowé mikir nèk Aku setuju karo tumindakmu.
Ning saiki Aku bakal nyenèni kowé,
Lan Aku bakal nduduhké kesalahanmu.+
22 Kowé sing ora manut karo Gusti Allah manèh,+ gatèkna iki,
Bèn Aku ora nyingkirké* kowé lan ora ana sing isa nylametké kowé.
23 Wong sing mènèhké korban marang Aku, yaiku ucapan syukur, ngluhurké Aku.+
Wong sing terus nindakké sing bener
Bakal Tak slametké.”+