Mazmur
Pujinen Gusti Allah ing baité sing suci.+
Pujinen Dhèwèké, hé kabèh sing ana ing ngisor langit, sing nyritakké kekuwatané Gusti Allah.+
2 Pujinen Dhèwèké merga tumindaké sing hébat.+
Pujinen Dhèwèké merga Dhèwèké agung banget.+
3 Pujinen Dhèwèké nganggo trompèt.+
Pujinen Dhèwèké nganggo harpa lan alat musik bersenar.+
4 Pujinen Dhèwèké nganggo rebana+ karo nari.
Pujinen Dhèwèké nganggo harpa+ lan suling.+
5 Pujinen Dhèwèké nganggo simbal sing swarané merdu.
Pujinen Dhèwèké nganggo simbal+ sing swarané banter.
6 Kabèh sing urip, pujinen Yah.