Yèhèzkièl
43 Terus, wong lanang kuwi nuntun aku menyang gerbang sing madhep ngétan.+ 2 Saka kono, aku ndelok cahaya kemuliaané Gusti Allahé Israèl metu saka wétan,+ lan swarané kaya grojogan.+ Bumi dadi padhang merga cahaya kemuliaan kuwi.+ 3 Sing tak delok iki kaya wahyu sing tak tampa pas aku* teka arep ngancurké kutha kuwi.* Kuwi ya kaya sing tak delok ing Kali Khébar.+ Bar kuwi, aku sujud.
4 Terus, cahaya kemuliaané Yéhuwah mlebu ing bait liwat gerbang sing madhep ngétan.+ 5 Bar kuwi, ana sing ngangkat aku* lan nggawa aku menyang halaman njero. Aku ndelok cahaya kemuliaané Yéhuwah ana ing bait kuwi.+ 6 Terus, aku krungu ana sing ngomong karo aku saka njero bait kuwi. Bar kuwi, wong lanang mau marani aku* lan ngadeg ing sampingku.+ 7 Wong lanang kuwi kandha,*
”Hé anaké manungsa, iki takhta-Ku+ lan panggonan-Ku ndèlèhké tlapak sikil-Ku.+ Ing kéné, Aku bakal manggon bareng karo wong Israèl saklawasé.+ Bangsa Israèl lan raja-rajané ora bakal nggawé jeneng-Ku sing suci dadi najis manèh+ nganggo tumindaké sing ora setya lan nganggo brahala-brahalané sing disembah kaya raja.* 8 Pas wong-wong kuwi ndèlèhké lawang-lawang kuilé ing jèjèré lawang bait-Ku, ndèlèhké kusèn-kusèn lawang kuilé ing jèjèré kusèn bait-Ku, lan nindakké kabèh sing Tak sengiti, wong-wong kuwi nduduhké nèk ora ngajèni jeneng-Ku sing suci. Aku karo wong-wong kuwi mung kepisah nganggo témbok.+ Mula Aku bakal nyingkirké wong-wong kuwi karo nesu.+ 9 Saiki, wong-wong kuwi kudu setya manèh marang Aku lan mbuwang nganti adoh kabèh brahalané sing mbiyèn disembah kaya raja.* Aku bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi saklawasé.+
10 ”Hé kowé anaké manungsa, jelasna kaya apa bait kuwi marang wong Israèl+ bèn wong-wong kuwi padha isin merga kesalahané.+ Wong-wong kuwi kudu nyinaoni dénahé. 11 Nèk wong-wong kuwi isin karo kabèh kelakuané, kowé kudu nduduhké dénah bait ing ngarepé wong-wong kuwi, termasuk tata letaké, dalan mlebuné, lan dalan metuné.+ Duduhna kabèh dénahé, peraturané, lan hukumé, terus tulisen kuwi kabèh ing ngarepé wong-wong kuwi bèn padha nggatèkké kabèh dénahé lan manut peraturané.+ 12 Iki hukum soal bait: Kabèh dhaérah ing sak ubengé pucuk gunung kuwi suci banget.+ Kuwi hukum soal bait.
13 ”Iki ukurané mézbah nèk diukur nganggo ukuran hasta+ (ukuran hasta iki luwih dawa sak tlapak tangan timbang hasta biasa).* Bagéan sing paling dhasar dhuwuré sak hasta. Iki tingkat sing paling ngisor, lan ing saben sisihé luwih amba sak hasta timbang tingkat ing ndhuwuré. Ing pinggiré, ana pinggiran sing dhuwuré sak jengkal.* Ya ngono kuwi ukurané dhasar mézbah. 14 Tingkat sing keloro saka ngisor dhuwuré rong hasta. Tingkat iki luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat ndhuwuré. Tingkat sing ketelu saka ngisor dhuwuré patang hasta. Tingkat iki ya luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat sing paling dhuwur. 15 Tingkat sing paling dhuwur kuwi tungkuné mézbah, lan dhuwuré patang hasta. Ana sungu papat ing pojok-pojokané mézbah kuwi.+ 16 Tungkuné mézbah kuwi bentuké kothak. Dawané 12 hasta, lan ambané 12 hasta.+ 17 Tingkat sing ketelu saka ngisor dawané 14 hasta lan ambané 14 hasta. Tingkat kuwi luwih amba sak hasta ing saben sisihé timbang tingkat sing paling dhuwur. Pinggiran ing sak ubengé ukurané setengah hasta.
”Undhak-undhakané madhep ngétan.”
18 Terus wong lanang kuwi kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Iki petunjuk soal mézbah sing kudu ditindakké pas mézbah kuwi digawé. Kowé kudu manut karo petunjuk iki pas mènèhké persembahan bakaran lan pas nyipratké getih ing mézbah kuwi.’+
19 ”’Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom kanggo persembahan dosa+ marang para imam Lèwi keturunané Zadok,+ sing wis ditugasi kanggo nglayani Aku ing ngarep-Ku,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 20 ’Kowé kudu njupuk sebagéan getihé, terus ngolèské kuwi ing sungu papat sing ana ing mézbah, ing pojok-pojoké tingkat ketelu lan kabèh pinggirané, bèn mézbah kuwi dadi murni lan suci.+ 21 Terus, jupuken sapi lanang enom persembahan dosa mau, lan obongen ing panggonan sing wis ditentokké ing bait, yaiku ing njaba panggonan suci.+ 22 Sésuké, wènèhna persembahan kambing lanang sing séhat dadi persembahan dosa. Para imam kudu nggawé mézbah kuwi dadi murni manèh kaya pas para imam nggawé mézbah kuwi dadi murni nganggo getihé sapi lanang enom.’
23 ”’Sakwisé kowé rampung nggawé mézbah kuwi dadi murni, wènèhna persembahan sapi lanang enom sing séhat lan domba lanang sing séhat. 24 Gawanen kuwi ing ngarepé Yéhuwah. Para imam kudu mènèhi uyah+ lan ngobong kabèh kéwan kuwi dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah. 25 Saben dina, saksuwéné pitung dina, kowé kudu mènèhké kambing lanang siji,+ sapi lanang enom siji, lan domba lanang siji dadi persembahan dosa. Kéwan sing mbok dadèkké persembahan kuwi aja nganti ana sing cacad. 26 Pitung dina suwéné para imam kudu nggawé mézbah kuwi dadi suci lan murni bèn mézbah kuwi siap digunakké. 27 Sakwisé pitung dina kuwi, saka dina kewolu nganti sakterusé,+ para imam kudu mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* saka kowé* ing mézbah kuwi. Aku bakal seneng karo kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”