Yésaya
25 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku.
Aku ngluhurké Njenengan lan muji jeneng-Mu,
Merga sing wis mbok tindakké kuwi hébat banget,+
Yaiku sing wis mbok rencanakké kèt jaman mbiyèn.+
Njenengan setya+ lan isa dipercaya.
2 Njenengan ngambrukké kutha nganti dadi reruntuhan
Lan nggawé kutha sing ana bèntèngé dadi reruntuhan.
Bèntèngé wong asing ora bakal ana manèh
Lan ora bakal dibangun manèh.
3 Kuwi sebabé bangsa sing kuwat bakal ngluhurké Njenengan,
Lan kuthané bangsa-bangsa sing kejem bakal wedi karo Njenengan.+
4 Njenengan kuwi bèntèngé wong cilik,
Bèntèngé wong sing mlarat lan susah.+
Njenengan kuwi panggonan berlindung pas ana badai
Lan panggonan kanggo ngéyub pas panas banget.+
Wektu wong sing kejem nesu banget kaya badai sing nerjang témbok,
5 Kaya panas ing tanah sing gersang,
Njenengan nggawé wong-wong asing sing ribut dadi meneng.
Nyanyiané wong sing kejem ora bakal ana manèh,
Kaya panas sing ketutup méga.
6 Ing gunung iki,+ Yéhuwah pemimpiné pasukan
Bakal nggawé pésta kanggo kabèh bangsa.
Dhèwèké bakal mènèhi panganan sing paling énak,+
Panganan saka daging sing paling apik,*
Anggur sing paling apik lan anggur sing disaring.
7 Ing gunung iki, Dhèwèké bakal njupuk* kain sing nutupi suku-suku bangsa
Lan kudhung sing nutupi bangsa-bangsa.
8 Dhèwèké bakal nyingkirké kematian saklawasé.+
Gusti Yéhuwah sing Mahakuwasa bakal ngusapi air matané kabèh wong.+
Dhèwèké bakal nggawé bèn umaté ora diécé manèh ing bumi,
Merga Yéhuwah wis ngomong ngono.
9 Wektu kuwi umaté bakal ngomong,
”Iki Gusti Allahé awaké dhéwé.+
Iki Yéhuwah.
Awaké dhéwé berharap marang Dhèwèké.
Ayo padha ngrasa seneng merga Dhèwèké nylametké awaké dhéwé.”+
10 Yéhuwah bakal nglindhungi* gunung iki.+
Moab bakal diidak-idak ing panggonané dhéwé,+
Kaya jerami sing diidak-idak ing panggonan kanggo nggawé pupuk.
11 Dhèwèké bakal ngantem* Moab
Kaya wong sing ngantem banyu pas renang.
Dhèwèké bakal ngantem Moab
Lan ngrendhahké Moab sing sombong.+
12 Dhèwèké bakal ngambrukké kuthané, bèntèngé,
Lan témboké sing dhuwur.
Kuwi bakal diambrukké nganti dadi debu.