Mazmur
Dongané wong sing ditindhes wektu putus asa.* Dhèwèké crita marang Yéhuwah soal apa sing dikuwatirké.+
102 Oh Yéhuwah, rungokna dongaku.+
Muga-muga Njenengan ngrungokké wektu aku njaluk tulung.+
2 Aja nganti Njenengan ninggalké* aku wektu aku susah.+
Rungokna aku.
Cepet jawaben aku wektu aku njaluk tulung.+
3 Uripku kaya asap sing ilang,
Lan balungku rasané kaya diobong.+
4 Atiku dadi kaya suket sing layu lan garing+
Nganti aku lali mangan.
6 Aku kaya manuk pelikan sing ana ing padhang belantara.
Aku kaya burung hantu cilik ing reruntuhan.
7 Aku ora isa turu.*
Aku kaya manuk sing kesepian ing atap omah.+
8 Saben dina, mungsuh-mungsuhku ngécé aku.+
Wong-wong kuwi nggunakké jenengku kanggo nyumpahi wong liya.
9 Aku kaya mangan awu,+
Lan banyu sing tak ombé kecampur karo air mataku,+
10 Merga Njenengan nesu banget.
Aku kaya mbok angkat, terus mbok buwang.
12 Ning Njenengan terus ana nganti saklawasé, oh Yéhuwah,+
13 Njenengan mesthi bakal tumindak lan mesakké karo Zion,+
Merga iki wis wektuné Njenengan mesakké karo dhèwèké.+
Saiki wis wektuné.+
16 Yéhuwah bakal mbangun Zion manèh.+
Dhèwèké bakal nduduhké nèk Dhèwèké kuwi mulya.+
17 Dhèwèké bakal ngrungokké dongané wong mlarat.+
Dhèwèké ora bakal ngrèmèhké dongané wong kuwi.+
18 Iki ditulis kanggo wong-wong sing bakal lair sukmbèn,+
Bèn bangsa sing saiki durung ana* isa muji Yah sukmbèn.
19 Dhèwèké nggatèkké bumi saka panggonané sing suci.+
Saka swarga, Yéhuwah nggatèkké wong-wong sing ana ing bumi,
20 Bèn isa ngrungokké sambaté wong sing dipenjara,+
Bèn isa mbébaské wong-wong sing dihukum mati,+
21 Bèn jenengé Yéhuwah dicritakké ing Zion+
Lan dipuji ing Yérusalèm
22 Wektu bangsa-bangsa lan kerajaan-kerajaan
Ngumpul kanggo ngabdi marang Yéhuwah.+
23 Dhèwèké nggawé kekuwatanku entèk sakdurungé wektuné.
Dhèwèké nggawé aku cepet mati.
24 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku
Sing urip nganti saklawasé,+
Aja nggawé aku mati merga aku durung tuwa.
25 Mbiyèn Njenengan nggawé pondhasi bumi,
Lan Njenengan sing nyiptakké langit.+
26 Kabèh kuwi bakal ora ana manèh, tapi Njenengan bakal tetep ana.
Kabèh kuwi kaya klambi sing rusak.
Kuwi kaya klambi sing bakal mbok ganti, lan kuwi ora bakal ana manèh.
27 Ning, Njenengan ora tau berubah, lan urip-Mu ora ana akhiré.+
28 Anak-anaké para abdi-Mu bakal urip tentrem,
Lan keturunané bakal tetep manggon aman ing ngarep-Mu.”+