Amos
7 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok Dhèwèké ngirim grombolan walang wektu tanduran musim dingin* mulai thukul. Tanduran kuwi ditandur sakwisé suket dipangkas kanggo raja. 2 Pas walang kuwi wis mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi, aku kandha, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung umat-Mu diapura.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+
3 Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”
4 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngukum negara kuwi nganggo geni. Geni kuwi ngobong laut nganti dadi garing lan ngobong sebagéan tanah kuwi nganti entèk. 5 Terus aku kandha, ”Oh Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung aja Njenengan teruské.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+
6 Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.”
7 Terus aku diduduhi wahyu iki: Yéhuwah ngadeg ing cedhak témbok sing digawé nganggo unting-unting,* lan Dhèwèké nyekel unting-unting. 8 Yéhuwah takon, ”Amos, iki apa?” Bar kuwi aku njawab, ”Unting-unting.” Terus Yéhuwah kandha, ”Aku ngukur umat-Ku Israèl nganggo unting-unting. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+ 9 Panggonan-panggonan dhuwur* duwèké Ishak+ bakal ditelantarké, lan panggonan-panggonan suciné Israèl bakal dihancurké.+ Aku bakal nyerang keluargané Yéroboam nganggo pedhang.”+
10 Amazia imam Bètel+ ngirim pesen iki marang Yéroboam+ raja Israèl, ”Amos sekongkol nglawan njenengan ing Israèl.+ Wong-wong ing tanah iki wis ora tahan ngrungokké omongané Amos.+ 11 Amos kandha, ”Yéroboam bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.’”+
12 Terus Amazia kandha marang Amos, ”Lungaa kana, hé kowé wong sing nyampèkké wahyu! Lungaa menyang tanah Yéhuda, lan nyambut gawéa* ing kana. Kowé éntuk ngramal ing kana.+ 13 Ning kowé ora éntuk ngramal ing Bètel manèh+ merga kuwi panggonan suciné raja+ lan kuil kerajaan.”
14 Amos njawab Amazia, ”Mbiyèn aku dudu nabi utawa anaké nabi. Aku mbiyèn gembala+ lan kerja ngurusi wit ara hutan. 15 Ning, aku ora dadi gembala manèh merga Yéhuwah ngundang* lan ngongkon aku, ’Lungaa lan sampèkna ramalan marang umat-Ku Israèl.’+ 16 Mula saiki rungokna omongané Yéhuwah, ’Kowé kandha, ”Aja mènèhi ramalan soal Israèl,+ lan aja ngomongké+ soal keturunané Ishak.” 17 Mula Yéhuwah kandha, ”Bojomu bakal dadi pelacur ing kutha. Anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni nganggo pedhang. Tanahmu bakal dibagi-bagi nganggo tali pengukur, lan kowé dhéwé bakal mati ing negara asing. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.”’”+