Amos
3 ”Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah soal kowé, soal kabèh keluarga sing Tak gawa metu saka Mesir,
2 ’Saka antarané kabèh bangsa ing bumi, mung kowé sing Tak pilih.*+
Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé merga kabèh kesalahanmu.+
3 Apa isa wong loro lunga bareng nèk ora janjian dhisik?
4 Apa singa bakal nggero ing hutan nèk durung éntuk mangsa?
Apa singa enom bakal nggereng ing panggonané nèk durung nangkep apa-apa?
5 Apa manuk bakal mlebu ing jebakan sing ana ing lemah nèk ora ana sing masang jebakan kuwi?*
Apa jebakan bakal njeplak nèk durung diidak?
6 Nèk trompèt* disebul ing kutha, wong-wong mesthi padha ndredheg, ta? Nèk ana bencana ing kutha, kuwi mesthi merga Yéhuwah wis tumindak, ta?
7 Merga Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ora bakal nindakké apa-apa
Sakdurungé Dhèwèké ngandhani rahasiané marang para abdiné yaiku para nabi.+
8 Nèk singa wis nggero,+ sapa sing ora wedi?
Nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah wis ngomong, nabi endi sing bakal meneng waé?’+
9 ’Umumna ing menara-menara sing ana bèntèngé ing Asdod
Lan ing menara-menara sing ana bèntèngé ing Mesir.
Ngomonga ngéné, ”Padha nglumpuka ing gunung-gunung Samaria.+
Deloken apa sing kelakon ing kana.
Ing kana keadaané kisruh lan akèh penipuan.+
10 Wong-wong kuwi ora ngerti carané nindakké sing bener,” kandhané Yéhuwah,
”Menara-menara sing ana bèntèngé diisèni jarahan saka hasil kejahatané.”’
11 Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,
’Bakal ana mungsuh sing ngepung tanah kuwi.+
Dhèwèké bakal nggawé kowé ora nduwé kekuwatan.
Menara-menaramu sing ana bèntèngé bakal dijarah.’+
12 Iki sing diomongké Yéhuwah,
’Kaya gembala sing mung isa ngrebut sikil utawa kupingé dombané saka cangkemé singa,
Mung sithik wong Israèl sing bakal slamet,
Yaiku wong-wong sing lagi lungguh ing Samaria, ing panggonan turu sing méwah lan ranjang sing nyaman.’*+
13 ’Rungokna lan élikna keturunané Yakub,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan.
14 ’Pas Aku ngukum Israèl merga wong-wong kuwi mbrontak,+
Aku ya bakal nyingkirké mézbah-mézbah Bètel.+
Sungu-sunguné mézbah bakal ditugeli lan tiba ing lemah.+
15 Omah musim dingin lan omah musim panas bakal Tak hancurké.’