Mazmur
ל [Lamed]
10 Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan adoh banget?
Ngapa kok Njenengan ora perduli pas aku susah?+
2 Wong sing jahat sombong banget wektu nindhes wong sing susah,+
Ning rencanané wong kuwi bakal nggawé wong kuwi dhéwé cilaka.+
3 Wong sing jahat sombong merga isa tumindak jahat sak pénaké dhéwé+
Lan ndongakké wong sing srakah bèn uripé pénak.*
נ [Nun]
Wong jahat kuwi ora ngajèni Yéhuwah.
4 Merga sombong, wong sing jahat wegah nyedhak marang Gusti Allah.
Wong kuwi mikir, ”Gusti Allah kuwi ora ana.”+
Dhèwèké ngrèmèhké mungsuh-mungsuhé.
6 Dhèwèké mbatin, ”Aku ora bakal kena musibah.
Nganti sukmbèn,
Aku ora bakal ngalami kesusahan.”+
פ [Pe]
7 Wektu ngomong, dhèwèké terus-terusan ngutuk, ngapusi, lan ngancam wong liya.+
Wektu ngomong, dhèwèké terus-terusan nggawé masalah lan nglarani atiné wong liya.+
8 Dhèwèké ndhelik ing désa-désa lan nggolèk kesempatan kanggo nyerang.
Saka panggonané ndhelik, dhèwèké matèni wong sing ora salah.+
ע [Ayin]
Dhèwèké ngincer korbané.+
9 Dhèwèké ngentèni ing panggonané ndhelik, kaya singa sing ana ing panggonané.*+
Dhèwèké nunggu bèn isa nyerang wong sing susah.
Dhèwèké njebak wong sing susah bèn isa dicekel.+
10 Wong sing dadi korbané ditibakké ing lemah lan ditindhes.
Dhèwèké nguwasani wong cilik.*
11 Wong jahat kuwi mbatin, ”Gusti Allah wis lali karo kejahatanku.+
Gusti Allah ora perduli.*
Gusti Allah ora nggatèkké.”+
ק [Qof]
12 Oh Yéhuwah, oh Gusti Allahku,+ duduhna kekuwatanmu kanggo mbéla wong sing susah.+
Aja lali karo wong sing susah.+
13 Ngapa kok wong jahat ngrèmèhké Gusti Allah?
Wong kuwi mbatin, ”Gusti Allah* ora bakal ngadili aku.”
ר [Res]
14 Padahal sakjané Njenengan ngerti sapa sing nyebabké masalah lan kesusahan.
Njenengan ndelok lan tumindak.+
Wong-wong sing dadi korban njaluk tulung marang Njenengan.+
Njenengan sing nulungi bocah yatim.*+
ש [Syin]
15 Kekuasaané wong jahat bakal dihancurké.+
Senajan kejahatané mbok golèki,
Kuwi wis ora ana manèh.
16 Yéhuwah kuwi Raja nganti saklawasé.+
Bangsa-bangsa wis ora ana manèh ing bumi.+
ת [Taw]
17 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal ngrungokké dongané wong sing wataké alus.+
Njenengan bakal nggawé wong-wong kuwi kendel+ lan nggatèkké wong-wong kuwi.+