Néhémia
6 Pas Sanbalat, Tobia,+ Gèsyèm wong Arab,+ lan mungsuh-mungsuhku liyané padha dikandhani nèk aku wis mbangun manèh témbok kuwi+ lan témboké wis ora ana manèh sing bolong (senajan wektu kuwi aku durung masang lawang-lawang ing gerbangé),+ 2 Sanbalat lan Gèsyèm langsung ngirim pesen marang aku, ”Ayo awaké dhéwé nentokké wektu kanggo ketemuan ing pedésaan ing Lembah Ono.”+ Ning, sakjané kuwi siasat kanggo nyilakani aku. 3 Mula, aku ngirim utusan marang wong-wong kuwi kanggo nyampèkké pesen iki, ”Aku lagi ana gawéan penting, ora isa lunga. Nèk aku lunga, mengko gawéan iki bakal mandheg.” 4 Wong-wong kuwi ngirimi aku pesen sing padha nganti ping papat, ning jawabanku tetep padha.
5 Terus, Sanbalat ngutus manèh anak buahé marang aku kanggo nyampèkké pesen sing padha. Kuwi sing ping limané. Anak buahé nggawa surat sing ora disègel. 6 Isiné, ”Ana kabar sing kesebar ing antarané bangsa-bangsa, lan Gèsyèm+ ya kandha nèk kowé lan wong Yahudi arep mbrontak.+ Kuwi sebabé kowé padha mbangun témbok. Nurut laporan, kowé sing bakal dadi rajané. 7 Kowé ya wis nglantik nabi-nabi kanggo ngumumké soal kowé ing kabèh dhaérah Yérusalèm, ’Ana raja ing Yéhuda.’ Raja bakal krungu soal iki. Mula, ayo mrénéa lan ngrembug soal iki.”
8 Ning aku ngirim jawaban iki, ”Kabèh sing mbok omongké kuwi ora bener. Kuwi mung pikiranmu* waé.” 9 Wong-wong kuwi padha medèn-medèni aku, kandhané, ”Tangané wong-wong kuwi bakal sèngklèh, lan gawéan kuwi ora bakal rampung.”+ Ning aku ndonga, ”Gusti Allah, kuwatna tanganku.”+
10 Terus, aku mlebu ing omahé Syémaya anaké Délaya anaké Méhétabèl wektu dhèwèké ora isa metu saka omahé. Dhèwèké kandha, ”Ayo awaké dhéwé nentokké wektu kanggo ketemuan ing omahé Gusti Allah sing bener. Awaké dhéwé bakal mlebu ing njero bait, terus nutup lawang-lawangé. Wong-wong kuwi bakal teka lan matèni kowé pas bengi.” 11 Ning aku njawab, ”Mosok wong kaya aku iki arep mlayu? Apa wong kaya aku iki isa mlebu ing bait lan tetep urip?+ Aku ora bakal mlebu!” 12 Terus, aku sadhar nèk Gusti Allah ora ngutus nabi iki, ning Tobia lan Sanbalat+ wis mbayar dhèwèké bèn isa ngapusi aku. 13 Dhèwèké dibayar kanggo medèn-medèni aku lan nggawé aku nindakké dosa, supaya wong-wong kuwi isa nggawé jenengku dadi èlèk lan nduwé bahan kanggo nyerang aku.
14 Mula aku ndonga, ”Gusti Allahku, élinga Tobia+ lan Sanbalat, termasuk kabèh tumindaké wong loro kuwi. Élinga nabi wédok sing jenengé Noadia lan nabi-nabi liyané sing terus ngupaya medèn-medèni aku.”
15 Témbok kuwi rampung dibangun ing dina ke-25 sasi Élul.* Témbok kuwi dibangun 52 dina.
16 Wektu kabèh mungsuhku krungu soal kuwi lan kabèh bangsa ing sekitarku padha ndelok kuwi, wong-wong kuwi dadi isin banget+ lan dadi ngerti nèk gawéan kuwi isa rampung merga bantuané Gusti Allahku. 17 Wektu kuwi, para bangsawan+ Yéhuda kerep kirim-kiriman surat karo Tobia. 18 Ing Yéhuda, akèh wong wis dikongkon sumpah bèn ndhukung Tobia, merga dhèwèké kuwi mantuné Syékania anaké Arah,+ lan Yéhohanan anaké Tobia nikah karo anaké Mésyulam+ anaké Bérékhia. 19 Akèh wong Yéhuda ya terus nyritakké sing apik-apik soal Tobia marang aku lan ngandhani Tobia soal omonganku. Bar kuwi, Tobia ngirim surat kanggo medèn-medèni aku.+