Ayub
10 ”Aku sengit karo uripku.+
Aku bakal ngomongké kabèh sambatku.
Aku bakal ngomong merga aku susah banget.
2 Aku bakal ngomong karo Gusti Allah, ’Aja nganggep aku salah.
Omonga karo aku ngapa Njenengan mungsuhi aku.
3 Apa manfaaté nèk Njenengan nindhes aku,
Sengit karo ciptaan-Mu dhéwé,+
Lan seneng karo naséhaté wong sing jahat?
4 Apa mripaté Njenengan kuwi mripaté manungsa,
Apa Njenengan ndelok kaya nèk manungsa ndelok?
5 Apa umuré Njenengan kaya umuré manungsa?
Apa umuré Njenengan ana batesé kaya umuré manungsa,+
6 Nganti Njenengan nggolèki salahku
Lan terus nggolèki dosaku?+
7 Njenengan ngerti nèk aku ora salah.+
Ora ana sing isa nylametké aku saka tangan-Mu.+
8 Tangan-Mu dhéwé sing nyiptakké aku,+
Tapi saiki Njenengan arep matèni aku.
9 Tulung élinga nèk Njenengan nggawé aku saka tanah liat,+
Tapi saiki Njenengan nggawé aku bali manèh dadi debu.+
10 Kan Njenengan sing ndèlèhké aku ing wetengé ibuku
Lan sing mbentuk aku, ta?*
11 Njenengan mbungkus aku nganggo kulit lan daging,
Lan Njenengan nggawé aku saka balung lan otot.+
12 Njenengan mènèhi aku urip lan nresnani aku.*
Njenengan nggatèkké lan njaga aku.*+
13 Ning sakjané Njenengan meneng-meneng nggawé rencana bèn isa njahati aku.*
Aku ngerti nèk kabèh iki saka Njenengan.
14 Njenengan mesthi ngerti nèk aku nggawé dosa,+
Lan Njenengan ora ngapura kesalahanku.
15 Nèk aku salah, aku mesthi cilaka.
Malah nèk aku ora salah, aku tetep ora percaya diri,*+
Merga aku rumangsa direndhahké lan susah banget.+
16 Nèk aku percaya diri,* Njenengan bakal mburu aku kaya singa,+
Lan Njenengan nduduhké kuwasa-Mu manèh kanggo nggawé aku cilaka.
17 Njenengan nggawa seksi-seksi sing anyar kanggo nglawan aku
Lan Njenengan saya nesu karo aku.
Aku terus ngalami kesusahan.
18 Ngapa Njenengan ngetokké aku saka wetengé ibuku?+
Kuduné aku mati sakdurungé ana wong sing ndelok aku.*
19 Dadi, kaya-kayané aku ora tau ana,
Saka njero weteng langsung dikubur.’
20 Uripku mung tinggal sedhéla, ta?+ Mula, kuduné Gusti Allah ora ngganggu aku.
Kuduné Gusti Allah ora nggatèkké aku, bèn aku rada tenang.*+
21 Sakdurungé aku lunga lan ora bali,+
Lunga menyang panggonan sing peteng banget,+
22 Menyang panggonan sing suram,
Panggonan sing kisruh lan ditutupi bayangan.
Ing kana, sing padhang kétok peteng.”