Ayub
18 Bildad+ wong Syuah kuwi njawab,
2 ”Nganti kapan kowé bakal ngomong kaya ngéné terus?
Buktèkna nèk kowé pancèn paham, bar kuwi aku tak ngomong.
3 Ngapa kok kowé nganggep aku kaya kéwan+
Lan nganggep aku bodho?
4 Nèk kowé nesu nganti nglarani awakmu dhéwé,
Apa gunung watu bakal pindhah saka panggonané
Lan bumi ora bakal dienggoni manèh kaya sing mbok karepké?
5 Lampuné wong jahat bakal dipatèni,
Lan geniné ora bakal murub manèh.+
6 Ora bakal ana cahaya ing kémahé,
Lan lampu sing ana ing kono bakal dipatèni.
7 Dhèwèké ora nduwé kekuwatan kanggo mlaku.
Kabèh sing direncanakké marahi dhèwèké susah.+
8 Dhèwèké bakal mlaku ing jaring,
Lan sikilé bakal kesangkut ing kono.
9 Sikilé bakal kena jerat,+
Lan dhèwèké bakal kena perangkap.
10 Ana tali sing didhelikké ing njero lemah bèn isa njerat dhèwèké.
Lan ana jerat sing didèlèhké ing dalan sing diliwati dhèwèké.
11 Kabèh nggawé dhèwèké wedi.+
Ing endi waé dhèwèké lunga, dhèwèké bakal terus ngrasa wedi.
13 Kulité kebak bisul.
Awaké kena penyakit sing parah banget.*
14 Dhèwèké disèrèt saka kémahé sing nyaman+
Lan akhiré mati ngenes.
16 Kaya wit, akaré bakal garing
Lan cabang-cabangé bakal layu.
17 Wong-wong ing bumi bakal lali karo dhèwèké,
Lan ora ana sing ngerti sapa sakjané dhèwèké.*
18 Dhèwèké kaya wong sing diusir saka panggonan sing padhang ing panggonan sing peteng
Lan ora manggon manèh ing donya iki.*
19 Dhèwèké ora bakal nduwé anak putu ing antarané bangsané.
Ora ana wong ing omahé sing bakal slamet.
20 Wektu dhèwèké kena bencana, wong-wong saka Kulon bakal kagèt
Lan wong-wong saka Wétan bakal wedi banget.