Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Maskil.* Lagu sing digawé Daud.
2 Gatèkna aku lan jawaben aku.+
Aku ora tenang merga kuwatir,+
Lan aku ngrasa ora ayem
3 Merga mungsuhku ngomong nèk arep nyilakani aku.
Wong-wong sing jahat kejem karo aku.
Wong-wong kuwi nggawé aku sengsara banget.
Wong-wong kuwi nesu lan mungsuhi aku.+
5 Saking wediné, aku ndredheg
Lan ketar-ketir.
6 Aku terus-terusan ngomong, ”Nèk aku nduwé sayap kaya manuk dara,
Aku bakal mabur ing panggonan sing aman.
8 Aku bakal cepet-cepet lunga ing panggonan sing aman.
Aku bakal ngedohi masalah sing kaya angin gedhé lan badai.”
9 Oh Yéhuwah, tulung gawénen wong-wong kuwi bingung lan ora isa nindakké rencanané,*+
Merga aku wis ndelok dhéwé wong-wong padha padu lan tumindak kejem ing kutha.
10 Aku ndelok kuwi awan lan bengi saka témboké kutha.
Kejahatan lan kesusahan ana ing kutha.+
11 Wong-wong sing manggon ing kutha kuwi ngalami cilaka.
Mesthi ana wong sing nindhes lan ngapusi wong liya ing lapangan kutha kuwi.+
12 Nèk mungsuhku ngécé aku,+
Aku isih isa sabar.
Nèk mungsuhku nglawan aku,
Aku isih isa ndhelik.
14 Mbiyèn awaké dhéwé kanca akrab.
Awaké dhéwé biasané mlaku bareng menyang omahé Gusti Allah karo wong akèh.
15 Muga-muga mungsuh-mungsuhku mati.+
Muga-muga wong-wong kuwi dikubur* pas isih urip,
Merga wong-wong kuwi seneng nindakké sing jahat lan atiné kebak kejahatan.
16 Ning, aku bakal njaluk tulung marang Yéhuwah,
Lan Dhèwèké bakal nylametké aku.+
18 Dhèwèké bakal nggawé aku ayem lan nylametké* aku saka mungsuh sing nyerang aku,
Merga jumlahé wong-wong kuwi akèh banget.+
19 Gusti Allah sing lungguh ing takhta kèt jaman mbiyèn+
Bakal ngrungokké lan nglawan wong-wong kuwi.+ (Sela)
Wong-wong kuwi ora gelem berubah
Lan ora wedi marang Gusti Allah.+
20 Dhèwèké* nyerang kanca-kancané dhéwé.+
Dhèwèké ora nepati perjanjiané.+
21 Omongané pénak dirungokké, kaya mentéga sing gampang dieleg,+
Ning atiné seneng padu.
Omongané nggawé ayem, kaya minyak sing nggawé alus kulit,
Ning kuwi kaya pedhang sing landhep.+
Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk wong sing bener tiba.+
23 Oh Gusti Allah, Njenengan bakal nglebokké wong jahat ing kuburan.+
Wong sing seneng matèni lan sing seneng ngapusi bakal cepet mati.+
Ning aku, aku bakal terus percaya marang Njenengan.