Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Manuk Dara ing Panggonan sing Adoh lan Ora Ana Swarané”. Miktam.* Lagu sing digawé Daud wektu wong Filistin nangkep dhèwèké ing Gat.+
56 Oh Gusti Allah, tulung mesakké aku merga wong-wong nyerang aku.
Saben dina wong-wong kuwi nyerang lan nindhes aku.
2 Mungsuh-mungsuhku terus-terusan nyerang aku.
Merga sombong, mungsuh-mungsuhku nglawan aku.
3 Pas aku wedi,+ aku ngendelké Njenengan.+
4 Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku bersyukur marang Dhèwèké merga omongané.
Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku ora wedi.
Manungsa isa tumindak apa marang aku?+
5 Wong-wong kuwi nggawé masalah karo aku saben dina.
Wong-wong kuwi péngin banget nyilakani aku.+
6 Wong-wong kuwi ndhelik merga arep nyerang aku.
7 Tulung wong-wong kuwi dibales merga kejahatané.
Oh Gusti Allah, tulung wong-wong kuwi dihukum merga Njenengan nesu.+
8 Njenengan ngerti kesusahanku pas aku dadi buronan.+
Air mataku mbok simpen ing wadhah banyu.*+
Kabèh kuwi mbok tulis ing buku-Mu.+
9 Mungsuh-mungsuhku bakal mlayu pas aku njaluk tulung marang Njenengan.+
Aku yakin nèk Gusti Allah ndhukung aku.+
10 Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku bersyukur marang Dhèwèké merga omongané.
Aku ngendelké Yéhuwah, lan aku bersyukur marang Dhèwèké merga omongané.
11 Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku ora wedi.+
Manungsa isa tumindak apa marang aku?+
12 Oh Gusti Allah, aku bakal nepati janjiku marang Njenengan.+