Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé keturunané Korah.+
85 Oh Yéhuwah, Njenengan wis apikan marang wong-wong ing tanah-Mu.+
Njenengan nggawa bali keturunané Yakub sing ditawan.+
2 Njenengan ngapura kesalahané umat-Mu.
Njenengan ngapura* kabèh dosané.+ (Sela)
3 Njenengan ora sida nesu.
Njenengan ora nesu manèh.+
4 Oh Gusti Allah sing nylametké aku, gawénen keadaanku kaya mbiyèn manèh.*
Aja nesu manèh karo aku.+
5 Apa Njenengan bakal nesu karo aku nganti saklawasé?+
Apa Njenengan bakal nesu nganti sakterusé?*
6 Apa Njenengan ora bakal mènèhi aku kekuwatan manèh
Bèn umat-Mu isa ngrasa seneng merga Njenengan?+
8 Aku bakal ngrungokké omongané Gusti Allah Yéhuwah sing bener,
Merga Dhèwèké bakal ngomongké soal perdamaian marang umaté+ sing setya.
Ning, aja nganti wong-wong kuwi terlalu percaya diri kaya sakdurungé.+
9 Dhèwèké siap nylametké wong sing wedi marang* Dhèwèké+
Bèn Dhèwèké dimulyakké ing tanahé awaké dhéwé.
10 Wong-wong bakal padha-padha nresnani,* jujur,
Lan nindakké sing bener. Ing kono, wong-wong bakal urip tentrem.+
11 Kesetiaan bakal thukul ing bumi,
Lan keadilan bakal bersinar saka langit.+