Yésaya
23 Berita penghukuman soal Tirus:+
Hé kapal-kapal Tarsyis,+ nangisa sing banter,
Merga pelabuhané wis dihancurké. Ora ana kapal sing isa mrono.
Kowé wis ngerti soal kuwi wektu kowé ing tanah Kitim.*+
2 Hé wong-wong sing manggon ing pinggir pantai, menenga waé.
Para pedagang saka Sidon+ sing nyabrang laut kanggo dagang wis nggawé kowé saya sugih.
3 Biji-bijian* saka Syihor*+ lan hasil panèn saka Kali Nil digawa liwat laut.
Tirus éntuk dhuwit saka kuwi.
Kuwi mènèhi keuntungan kanggo bangsa-bangsa.+
4 Hé Sidon, bèntèng ing pinggir laut, kuduné kowé isin,
Merga laut wis ngomong ngéné,
”Aku ora tau ngrasa lara merga nglairké, lan aku ora tau nglairké.
Aku ya ora tau nggedhèkké anak lanang utawa anak wédok.”*+
6 Hé wong-wong sing manggon ing pinggir pantai, nangisa sing banter.
Nyabranga menyang Tarsyis.
7 Apa iki kuthamu sing kèt mbiyèn wong-wongé seneng-seneng kèt kutha iki dibangun?
Mbiyèn, penduduk kutha iki kerep lunga ing panggonan sing adoh lan manggon ing kana.
8 Sapa sing wis nggawé keputusan kanggo ngukum Tirus?
Tirus kuwi sing wis nglantik para pemimpin,
Sing para pejabaté dagang,
Lan sing para pedagangé kuwi wong-wong sing dihormati ing bumi.+
9 Yéhuwah pemimpiné pasukan wis nggawé keputusan
Nèk Dhèwèké bakal nggawé Tirus ora wani nyombongké kelebihané manèh,
Lan Dhèwèké ya bakal ngrendhahké kabèh wong sing dihormati ing bumi.+
10 Hé penduduké* Tarsyis, kowé kudu nyebar ing tanahmu kaya banyuné Kali Nil sing ngalir tekan ngendi-endi.
Ora ana panggonan kanggo nggawé kapal manèh.*+
11 Yéhuwah wis ngethungké tangané ing ndhuwur laut.
Dhèwèké nggawé kerajaan-kerajaan wedi.
Dhèwèké wis mènèhi préntah bèn bèntèng-bèntèngé Fénisia dihancurké.+
Nyabranga menyang Kitim.+
Ing kana kowé ya ora bakal ngrasa tenang.”
13 Deloken! Kaé tanahé wong Khaldéa.*+
Dudu Asiria,+ ning wong Khaldéa
Sing bakal nggawé Tirus dadi panggonané kéwan liar ing padhang pasir.
Wong-wong kuwi nggawé menara kanggo ngepung
Lan ngambrukké menara-menara sing ana bèntèngé+
Nganti dadi reruntuhan.
14 Hé kapal-kapal Tarsyis, nangisa sing banter,
Merga bèntèngmu wis dihancurké.+
15 Wektu kuwi, wong-wong bakal lali karo Tirus nganti 70 taun suwéné,+ kaya umuré* raja. Sakwisé 70 taun, Tirus bakal kaya nyanyian soal pelacur:
16 ”Hé pelacur sing dilalèkké wong-wong, njupuka harpa lan mlakua ngubengi kutha.
Kowé kudu apik main harpané.
Nyanyia lagu sing akèh,
Bèn wong-wong kuwi éling karo kowé.”
17 Sakwisé 70 taun, Yéhuwah bakal éling karo Tirus. Tirus bakal dadi pelacur manèh lan dibayar karo kabèh kerajaan ing bumi. 18 Bayarané lan keuntungané bakal dianggep suci kanggoné Yéhuwah. Kuwi ora bakal disimpen lan dikumpulké pelacur kuwi, ning bakal diwènèhké marang umaté Yéhuwah, bèn umaté isa mangan nganti wareg lan nganggo klambi sing apik.+