Nahum
2 Wong sing arep ngocar-ngacirké kowé* wis teka nglawan kowé.+
Jaganen bèntèng-bèntèngmu.
Kowé kudu ngawasi dalan-dalan.
Kowé kudu siap-siap lan nglumpukké kekuwatanmu.
2 Kemuliaané Yakub lan kemuliaané Israèl
bakal dipulihké manèh karo Yéhuwah.
3 Tamèngé mungsuhé Niniwé dicèt abang.
Wong-wong kuwi nganggo klambi abang.
Wektu wong-wong kuwi siap-siap perang,
Perlengkapan wesi ing kréta perangé murub kaya geni
Lan tombak-tombaké* diacungké.
4 Ing dalan-dalan, kréta-kréta perangé cepet banget.
Kréta kuwi bolak-balik ing lapangan-lapangan
Lan bersinar kaya obor sing murub lan nyamber kaya kilat.
5 Dhèwèké* ngundang para pejabaté.
Pas mangkat, wong-wong kuwi bakal kesandhung.
Wong-wong kuwi cepet-cepet marani témboké.
Wong-wong kuwi mbangun pertahanan.
6 Pintu-pintu air ing kali bakal kebukak,
Lan istana kuwi bakal hancur.
7 Iki sing wis ditetepké: Kutha iki kaya ratu sing digawé isin.
Dhèwèké digawa lunga, lan budhak-budhaké wédok padha nangis.*
Tangisané kaya swarané manuk dara.
8 Sakjegé uripé, Niniwé+ kaya kolam banyu,
Ning saiki penduduké padha mlayu.
Ana sing mbengok, ”Balia. Aja lunga.”
Ning ora ana sing bali.+
9 Jarahen pérak, jarahen emas.
Hartané ora ana entèké.
Ing kana ana akèh banget barang-barang berharga.
10 Kutha kuwi kosong, telantar, lan hancur.+
Atiné wong-wong kuwi dadi wedi, dhengkulé dadi lemes, awaké lara kabèh,
Lan wajahé dadi pucet.
11 Apa sing dialami kutha sing kaya guwa singa*+ kuwi, panggonané anak singa mangan,
Panggonané singa mlaku-mlaku karo anaké
Tanpa ana sing nggawé wedi?
12 Singa kuwi nangkep mangsa kanggo anak-anaké
Lan matèni mangsa kanggo singa-singa wédok.
Guwané dikebaki hasil buruané
Lan kebak kéwan sing ditangkep.
13 Yéhuwah pemimpiné pasukan+ kandha, ”Aku bakal nglawan kowé.
Aku bakal ngobong kréta-kréta perangmu nganti entèk.+
Singa-singamu sing enom bakal dipatèni nganggo pedhang.
Kowé ora bakal mburu mangsa manèh ing bumi.*
Swarané para utusanmu ora bakal ana manèh.”+