Yésaya
10 Cilaka wong sing nggawé hukum sing ora adil,+
Sing terus-terusan nggawé peraturan sing nindhes rakyat.
2 Wong kuwi wegah nangani kasusé wong mlarat,
Ora adil karo wong cilik sing ana ing antarané umat-Ku,+
Ngrebut duwèké para randha,
Kowé arep njaluk bantuané sapa?+
Hartamu* arep mbok wènèhké sapa?
4 Kowé ora bakal isa ngapa-ngapa, mung isa lungguh ing penjara
Lan mati kaya wong liya sing dipatèni.
Ning, Dhèwèké tetep nesu
Lan tetep ngukum umaté.+
5 Gusti Allah ngomong, ”Deloken kaé, wong Asiria+
Sing Tak dadèkké tongkat kanggo ngukum
Pas Aku nesu.+
Dhèwèké bakal Tak kongkon ngrampas lan njarah bangsa kuwi
Lan ngidak-idak bangsa kuwi kaya lumpur ing dalan.+
7 Tapi dhèwèké ora péngin kaya ngono,
Merga kuwi dudu rencanané.
Dhèwèké malah péngin nyingkirké akèh bangsa,
Ora mung sithik.
8 Dhèwèké kandha,
’Kabèh raja dadi pejabatku.+
10 Aku wis ngrebut kerajaan sing nyembah allah-allah sing ora ana gunané,
Sing patung-patung allahé luwih akèh timbang Yérusalèm lan Samaria.+
11 Aku bakal ngancurké Yérusalèm lan nyingkirké patung-patung allahé,
Kaya aku wis ngancurké Samaria lan nyingkirké allah-allahé sing ora ana gunané.’+
12 ”Wektu Aku, Yéhuwah, ngrampungké kabèh gawéan-Ku ing Gunung Zion lan ing Yérusalèm, Aku bakal ngukum raja Asiria merga dhèwèké sombong, rumangsa hébat, lan angkuh.+ 13 Dhèwèké ngomong,
’Kuwi kabèh bakal tak tindakké nganggo kekuwatanku
Merga aku wicaksana lan pinter.
Kaya wong sing kuwat, aku bakal ngalahké penduduké.+
14 Kaya wong sing arep njupuk sarang manuk,
Aku bakal njupuk hartané bangsa-bangsa.
Kaya wong sing ngumpulké endhog manuk sing ora dijaga,
Aku bakal ngumpulké kabèh sing ana ing bumi.
Kabèh wong kuwi kaya manuk sing ora isa nglawan.’”
15 Apa kapak isa rumangsa luwih hébat timbang wong sing nggunakké kapak kuwi?
Apa graji isa rumangsa luwih hébat timbang wong sing nggunakké graji kuwi?
Apa tongkat+ isa ngobahké tangané wong sing ngangkat tongkat kuwi?
Apa tongkat kayu isa ngangkat tangané wong sing nyekel tongkat kuwi?
Asiria ora bakal dimulyakké manèh. Kemuliaané kaya diobong nganti entèk.+
Geni kuwi bakal langsung ngobong suket lan semak berduri sing ana ing kono nganti entèk.
18 Kebon buah lan hutané sing apik bakal bener-bener disingkirké Gusti Allah.
Kemuliaané bakal ilang, kaya wong sing awaké suwé-suwé entèk merga lara parah.+
19 Wit-wit ing hutan sing ana ing kono mung bakal kari sithik,
Nganti bocah cilik waé isa ngétung jumlahé.
20 Wektu kuwi, wong Israèl sing isih urip
Lan keturunané Yakub sing slamet
Ora bakal ngendelké manèh bangsa sing nyerang wong-wong kuwi.+
Ning, wong-wong kuwi bakal ngendelké Yéhuwah,
Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci, lan bakal setya karo Dhèwèké.
21 Mung ana sithik keturunané Yakub sing bakal bali
Marang Gusti Allah sing kuwat.+
23 Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, bakal nindakké keputusané
Kanggo nyingkirké wong-wong ing tanah iki.+
24 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Umat-Ku sing manggon ing Zion, aja wedi karo wong Asiria sing nggebug kowé nganggo tongkat+ kaya sing mbiyèn ditindakké wong Mesir.+ 25 Sedhéla manèh, Aku bakal mandheg ngukum kowé. Bar kuwi, Aku bakal nesu banget lan ngremuk Asiria.+ 26 Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan, bakal mecut dhèwèké+ kaya pas Aku ngalahké Midian ing Watu Orèb.+ Aku bakal ngangkat lan ngarahké tongkat-Ku ing laut, padha kaya sing Tak tindakké ing Mesir.+
27 Wektu kuwi, beban sing didèlèhké Asiria ing pundhakmu bakal disingkirké,+
Lan kayu sing didèlèhké Asiria ing gulumu bakal disingkirké+
28 Dhèwèké tekan ing kutha Ayat.+
Dhèwèké wis ngliwati kutha Migron.
Dhèwèké nyimpen barang-barangé ing kutha Mikhmash.+
29 Dhèwèké wis nyabrang
Lan nginep ing Géba.+
Penduduké Rama wedi, lan penduduké Gibéah+ kuthané Saul padha mlayu.+
30 Hé penduduké Galim, bengok-bengoka.
Hé penduduké Laisya, kowé kudu waspada.
Hé penduduké Anatot,+ kowé mesakké banget.
31 Penduduké Madména wis padha mlayu.
Penduduké Gébim wis padha ngungsi.
32 Pas kuwi, dhèwèké mandheg ing kutha Nob.+
Dhèwèké ngangkat lan ngarahké tangané ing gunungé kutha Zion
Kanggo ngancam Yérusalèm sing ana ing gunung.
33 Rungokna swara sing medèni kuwi,
Merga Gusti sing bener, Yéhuwah pemimpiné pasukan, lagi ngethok cabang-cabangé wit.+
Wit-wit sing paling dhuwur ditegor,
Lan wit-wit sing dhuwur diambrukké.
34 Dhèwèké mbabati semak-semak sing ana ing hutan nganggo kapak,
Lan wit-wit sing ana ing Lébanon bakal dihancurké karo wong sing kuwat.