Wulang Bebasan
7 Anakku, kowé kudu manut karo omonganku,
Lan nyimpen préntahku kaya harta.+
2 Kowé kudu manut karo préntahku bèn kowé isa terus urip.+
Kowé kudu nganggep préntahku* berharga kaya mripatmu dhéwé.
3 Kuwi kudu terus mbok éling-éling, kaya nèk kuwi ditalèkké ing drijimu
Lan ditulis ing atimu.+
4 Kowé kudu ngomong karo kawicaksanan,* ”Kowé mbakyuku,”
Lan ngundang pemahaman, ”Sedulurku,”
6 Saka jendhéla omahku,
Saka celah-celah jendhéla, aku ndelok ngisor.
7 Terus wektu aku ngamati wong-wong sing ora nduwé pengalaman,
Aku ndelok ana cah lanang sing bodho.+
8 Dhèwèké ngliwati dalan cedhak omahé wong wédok kuwi,
Lan mlaku menyang omahé
9 Wektu arep peteng pas soré-soré,+
Wektu arep bengi lan peteng.
10 Terus aku ndelok ana wong wédok sing nemoni dhèwèké.
Klambiné wong wédok kuwi kaya pelacur,+ lan atiné licik.
11 Wong wédok kuwi ngomong terus lan ngèyèl.+
Dhèwèké ora tau ana ing omah.
12 Kadhang dhèwèké ana ing njaba, kadhang ana ing lapangan.
Dhèwèké nunggu ing cedhak prapatan.+
13 Wong wédok kuwi ngrangkul lan ngambung cah lanang mau.
Dhèwèké ora isin ngomong ngéné karo cah lanang mau,
14 ”Aku kudu mènèhké korban kerukunan.+
Dina iki aku wis nepati janjiku.
15 Mula aku metu bèn isa ketemu kowé.
Aku nggolèki kowé, lan akhiré ketemu kowé.
16 Panggonanku turu wis tak lèmèki nganggo kain sing apik,
Linèn sing wernané macem-macem saka Mesir.+
17 Panggonanku turu wis tak ciprati nganggo mur,* gaharu,* lan kayu manis.+
18 Ayo turu bareng tekan ésuk.
Ayo nindakké hubungan sèks.*
19 Bojoku ora ana ing omah.
Dhèwèké lagi lunga adoh.
20 Dhèwèké nggawa dhuwit,
Lan dhèwèké ora bakal bali nganti bulan purnama.”
21 Wong wédok kuwi ngapusi lan ngrayu cah lanang mau.+
Dhèwèké nggodha cah lanang mau nganggo rayuané.
22 Cah lanang mau langsung ngetutké wong wédok kuwi, kaya sapi sing arep dibelèh,
Kaya wong bodho sing dihukum nganggo ranté,*+
23 Lan akhiré panah nusuk atiné.
Dhèwèké kaya manuk sing mlebu ing jebakan, ora ngerti nèk dhèwèké isa kélangan nyawané.+
24 Mula, anakku, rungokna aku.
Gatèkna omonganku.
25 Aja gelem dipengaruhi wong wédok kuwi.
Aja nganti ngetutké wong wédok kuwi,+
26 Merga dhèwèké nyebabké wong akèh mati,+
Lan sing dipatèni akèh banget.+
27 Mara ing omahé kuwi kaya mara ing Kuburan,*
Lan mara mrono kuwi kaya marani kematian.