Purwaning Dumadi
16 Sarai bojoné Abram ora nduwé anak,+ ning dhèwèké nduwé pembantu saka Mesir sing jenengé Hagar.+ 2 Mula Sarai ngomong karo Abram, ”Tulung rungokna aku. Yéhuwah wis nggawé aku ora nduwé anak. Saiki, tulung kowé turu* karo pembantuku. Mungkin aku isa nduwé anak liwat dhèwèké.”+ Abram ngrungokké omongané Sarai. 3 Sakwisé Abram sepuluh taun manggon ing Kanaan, Sarai bojoné Abram ngongkon Hagar, yaiku pembantuné sing asalé saka Mesir, bèn dadi bojoné Abram. 4 Mula, Abram turu karo Hagar, lan akhiré Hagar meteng. Wektu Hagar ngerti nèk dhèwèké meteng, Hagar mulai ngrèmèhké majikané wédok.
5 Terus Sarai kandha karo Abram, ”Aku susah gara-gara kowé. Kan aku sing ngongkon dhèwèké dadi bojomu, ning bar dhèwèké meteng, dhèwèké malah ngrendhahké aku. Muga-muga Yéhuwah nduduhké sapa sing bener, kowé apa aku.” 6 Mula Abram kandha marang Sarai, ”Kuwi pembantumu. Sak karepmu arep mbok apakké.” Terus Sarai mulai nindhes Hagar, lan akhiré Hagar minggat.
7 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni Hagar ing sumber banyu ing padhang belantara, ing dalan menyang Syur.+ 8 Malaékat kuwi takon, ”Hagar, pembantuné Sara, kowé saka ngendi lan arep lunga ing endi?” Hagar njawab, ”Aku minggat saka Sarai, majikanku wédok.” 9 Malaékaté Yéhuwah kandha, ”Balia marang majikanmu wédok. Kowé kudu ngajèni dhèwèké lan manut karo kabèh préntahé.” 10 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget, nganti ora isa diétung.”+ 11 Malaékaté Yéhuwah kandha manèh, ”Kowé lagi meteng, lan kowé bakal nglairké anak lanang. Bocah kuwi kudu mbok jenengi Ismaèl,* merga Yéhuwah wis nggatèkké kesusahanmu. 12 Dhèwèké bakal dadi kaya keledai liar.* Dhèwèké bakal nglawan kabèh wong, lan kabèh wong bakal nglawan dhèwèké. Dhèwèké bakal manggon adoh saka kabèh seduluré.”*
13 Terus, Hagar ndonga marang* Yéhuwah, Gusti Allah sing wis omongan karo dhèwèké. Hagar kandha, ”Njenengan Gusti Allah sing isa ndelok sak kabèhé.”*+ Hagar kandha manèh, ”Aku wis ndelok Dhèwèké sing ndelok aku.” 14 Kuwi sebabé sumber banyu kuwi disebut Béèr-lahai-roi.* (Kuwi ana ing antarané Kadès karo Bèrèd.) 15 Akhiré Hagar nglairké anak lanang, lan Abram njenengi anak kuwi Ismaèl.+ 16 Abram umuré 86 taun wektu Hagar nglairké Ismaèl.