Amos
8 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Sak kranjang buah musim panas.* 2 Terus Gusti Allah takon, ”Amos, iki apa?” Aku njawab, ”Sak kranjang buah musim panas.” Yéhuwah kandha, ”Ora suwé manèh, umat-Ku Israèl bakal dihukum. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+ 3 ’Wektu kuwi, nyanyian ing bait bakal berubah dadi tangisan,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. ’Ing endi-endi bakal ana akèh mayat sing dibuwang,+ lan keadaané dadi sepi banget.’
4 Rungokna iki, kowé sing nindhes wong mlarat
Lan sing matèni wong sing rendah hati ing tanah kuwi.+
5 Kowé kandha, ’Aku ora sabar ngentèni perayaan bulan anyar rampung+ merga péngin ndang ngedol gandumku.
Aku ya ora sabar ngentèni Sabat+ rampung merga péngin ndang ngedol gandum,
Bèn aku isa ngurangi takeran
Lan ngundhakké rega.
Aku ya arep nggunakké timbangan sing ora pas kanggo ngapusi wong,+
6 Bèn wong sing ora mampu isa tak tuku nganggo pérak,
Bèn wong mlarat isa tak tuku regané padha kaya sandhal sak pasang,+
Lan bèn sisa-sisa gandum sing biasané dibuwang isa tak edol.’
7 Aku, Yéhuwah, sing dimulyakké Yakub,+ wis tenanan sumpah,
’Aku ora bakal lali karo kabèh tumindaké wong-wong kuwi.+
8 Kuwi sebabé tanah iki bakal gemeter,
Lan kabèh penduduké bakal padha sedhih.+
Wong-wong kuwi bakal bingung kaya banyuné Kali Nil ing Mesir+ pas banjir
Lan kaya banyuné Kali Nil sing mbludag.’
9 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha,
’Wektu kuwi, Aku bakal nggawé matahari terbenam pas awan
Lan nggawé tanah iki dadi peteng pas awan.+
10 Aku bakal nggawé perayaanmu dadi kesedhihan+
Lan kabèh nyanyianmu dadi lagu sedhih.
Aku bakal nggawé kowé sedhih kaya wong sing kélangan anak siji-sijiné.
Mula, kabèh wong bakal nganggo kain goni ing pinggangé lan nyukur rambuté nganti entèk.
Pas dina kuwi berakhir, keadaané bakal sengsara banget.’
11 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha,
’Sukmbèn, Aku bakal nggawé tanah kuwi kelaparan,
Dudu kelaparan merga ora ana roti utawa banyu,
Ning merga wong-wong péngin banget ngrungokké omongané Yéhuwah.+
12 Wong-wong bakal mlaku sempoyongan saka laut siji menyang laut liyané,
Lan saka lor menyang wétan.*
Wong-wong kuwi bakal nggolèki omongané Yéhuwah ing endi-endi, ning ora bakal nemokké.
13 Wektu kuwi, prawan-prawan sing ayu
Lan cah-cah lanang bakal semaput merga ngelak banget.
14 Wong-wong kuwi sumpah demi déwa-déwa ing Samaria,*+ Dan,+ lan Béèr-syéba.*+
Wong-wong kuwi bakal tiba lan ora isa ngadeg manèh.’”+