Mazmur
Lagu sing digawé Daud.
24 Bumi sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah.+
Tanah lan sing manggon ing kono ya duwèké.
2 Dhèwèké wis nggawé bumi ana ing ndhuwuré laut+
Lan nggawé bumi tetep ana ing ndhuwuré kali.
3 Sapa sing éntuk munggah ing gunungé Yéhuwah?+
Sapa sing éntuk ngadeg ing panggonané sing suci?
4 Wong sing tulus atiné lan ora nindakké sing salah,+
Sing ora nggawé sumpah palsu demi jeneng-Ku*
Lan ora nggawé sumpah sing tujuané kanggo ngapusi.+
5 Dhèwèké bakal diberkahi Yéhuwah,+
Lan Gusti Allah sing nylametké dhèwèké bakal nganggep nèk dhèwèké bener.*+
6 Ya kaya ngono kuwi wong-wong* sing nggolèk tuntunané Gusti Allah,
Sing péngin nyenengké Njenengan,* oh Gusti Allahé Yakub. (Sela)
7 Gerbang-gerbang, angkaten lawangmu.+
8 Sapa raja sing mulya kuwi?
Yéhuwah, sing kuwat banget.+
Yéhuwah, sing ora tau kalah perang.+
9 Gerbang-gerbang, angkaten lawangmu.+
Lawang-lawang sing wis tuwa, ayo padha mbukak,
Bèn raja sing mulya isa mlebu.
10 Sapa raja sing mulya kuwi?
Yéhuwah pemimpiné pasukan. Dhèwèké raja sing mulya kuwi.+ (Sela)