Mazmur
BUKU KELIMA
(Mazmur 107-150)
107 Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan.+
2 Muga-muga wong-wong sing dibébaské* Yéhuwah ngomong kaya ngono,
Yaiku wong-wong sing wis dibébaské saka mungsuh,+
3 Sing dikumpulké saka negara ngendi waé,+
Saka wétan nganti kulon,*
Saka lor nganti kidul.+
4 Wong-wong kuwi dadi pengembara ing padhang belantara, ing padhang pasir.
Wong-wong kuwi ora nemokké dalan menyang kutha sing isa dienggoni.
5 Wong-wong kuwi ngelih,* ngelak,
Lan semaput merga kekeselen.
6 Wong-wong kuwi terus njaluk tulung marang Yéhuwah wektu susah,+
Lan Dhèwèké nylametké saka kesusahané.+
8 Muga-muga wong-wong padha ngucap syukur marang Yéhuwah+ merga katresnané*
Lan merga tumindaké sing luar biasa kanggo manungsa.+
10 Ana wong-wong sing manggon ing panggonan sing peteng banget.
Wong-wong kuwi tahanan sing sengsara merga diranté.
11 Wong kuwi mbrontak nglawan préntahé Gusti Allah
Lan ora ngajèni naséhaté Gusti Allah sing Mahaluhur.+
12 Gusti Allah meneng waé wektu wong kuwi ngalami kesusahan bèn wong kuwi rendah hati.+
Wong kuwi tiba lan ora ana sing nulungi.
13 Wong kuwi njaluk tulung marang Yéhuwah wektu susah,
Lan Dhèwèké nylametké saka kesusahané.
14 Dhèwèké ngetokké wong kuwi saka panggonan sing peteng banget
Lan medhot ranténé.+
15 Muga-muga wong-wong padha ngucap syukur marang Yéhuwah merga katresnané*+
Lan merga tumindaké sing luar biasa kanggo manungsa.
16 Dhèwèké ngrusak lawang-lawang tembaga
Lan nugel palang wesi.+
18 Wong kuwi ora doyan mangan
Lan mèh mati.*
19 Wong kuwi bakal njaluk tulung marang Yéhuwah wektu susah,
Lan Dhèwèké bakal nylametké saka kesusahané.
20 Pas Gusti Allah ngomong, keadaané wong kuwi dadi apik kaya mbiyèn manèh.+
Wong kuwi dislametké bèn ora mati.
21 Muga-muga wong-wong padha ngucap syukur marang Yéhuwah merga katresnané*
Lan merga tumindaké sing luar biasa kanggo manungsa.
22 Muga-muga wong-wong kuwi mènèhi persembahan yaiku ucapan syukur+
Lan nyritakké tumindaké Gusti Allah karo sorak-sorak.
23 Kabèh wong sing numpak kapal ing laut,
Yaiku wong-wong sing dagang ing laut,+
24 Wong-wong kuwi wis ndelok tumindaké Yéhuwah
Lan ciptaané Gusti Allah sing ana ing laut.+
26 Ombak nggawé kapalé wong-wong kuwi
Munggah mudhun ing laut.
Wong-wong kuwi dadi wedi merga ana bencana sing ngancam.
27 Wong-wong kuwi sempoyongan kaya wong mabuk,
Lan kemampuané wong-wong kuwi dadi ora ana gunané.+
28 Akhiré wong-wong kuwi njaluk tulung marang Yéhuwah wektu susah,+
Lan Dhèwèké nylametké saka kesusahané.
29 Gusti Allah nggawé badai kuwi mandheg.
Ombaké laut dadi tenang.+
30 Wong-wong kuwi seneng merga lauté dadi tenang,
Lan Gusti Allah nuntun wong-wong kuwi ing pelabuhan sing arep diparani.
31 Muga-muga wong-wong padha ngucap syukur marang Yéhuwah merga katresnané*
Lan merga tumindaké sing luar biasa kanggo manungsa.+
32 Muga-muga wong-wong kuwi ngluhurké Dhèwèké ing jemaat+
Lan muji Dhèwèké ing antarané para pemimpin sing padha ngumpul.
33 Dhèwèké nggawé kali dadi padhang pasir,
Nggawé mata air dadi lemah sing gersang,+
34 Lan nggawé lemah sing subur dadi ora subur manèh+
Merga wong-wong sing manggon ing kono jahat.
35 Dhèwèké nggawé padhang pasir dadi kolam
Lan lemah sing garing dadi mata air.+
36 Dhèwèké nggawé wong-wong sing kelaparan manggon ing kono+
Bèn isa mbangun kutha sing isa dienggoni.+
38 Wong-wong kuwi diberkahi Gusti Allah lan jumlahé dadi saya akèh.
Dhèwèké nggawé ternaké wong-wong kuwi dadi saya akèh.+
39 Ning, wong-wong kuwi direndhahké lan jumlahé dadi luwih sithik manèh
Merga ditindhes, kena bencana, lan ngalami kesusahan.
40 Gusti Allah ngrendhahké para pejabat
Lan nggawé wong-wong kuwi kesasar ing padhang pasir.+
41 Ning, Dhèwèké nglindhungi wong mlarat bèn ora ditindhes+
Lan nggawé keluargané dadi akèh kaya jumlahé ternak.
42 Wektu ndelok kuwi, wong sing bener ngrasa seneng.+
Ning, wong sing ora bener mung meneng waé.+