Ayub
21 Ayub njawab,
2 ”Rungokna tenanan omonganku.
Mung kuwi sing isa nggawé aku ora sedhih.
3 Tulung sabar wektu aku ngomong.
Bar kuwi, kowé éntuk ngécé aku.+
4 Apa aku sambat karo manungsa?
Nèk pancèn ngono, apa mungkin aku isih isa sabar?
5 Deloken aku. Kowé bakal nggumun
Lan meneng waé.
6 Nèk aku mikirké sing wis tak alami, aku dadi susah,
Lan awakku ndredheg.
8 Anak-anaké mesthi ana ing cedhaké,
Lan wong-wong kuwi umuré dawa nganti isa ndelok keturunané.
9 Omahé aman. Ora ana sing nggawé wong-wong kuwi wedi,+
Lan wong-wong kuwi ora dihukum Gusti Allah.
10 Sapiné lanang nduwé anak akèh
Merga sapiné wédok nglairké anak lan ora tau keguguran.
11 Anak-anaké lanang kaya kumpulan domba sing mlayu-mlayu.
Bocah-bocah kuwi seneng-seneng lan dolanan.
12 Wong-wong kuwi nyanyi diiringi rebana lan harpa
Lan padha seneng-seneng wektu krungu swara suling.+
13 Wong-wong kuwi uripé bahagia.
Wong-wong kuwi mati,* lan matiné tanpa ngalami susah.*
14 Ning, wong-wong kuwi kandha karo Gusti Allah sing bener, ’Aja ngganggu aku.
Aku ora péngin ngerti préntah-Mu.+
15 Sing Mahakuwasa kuwi sapa, kok aku ndadak nyembah Dhèwèké?+
Apa gunané aku ndonga marang Dhèwèké?’+
16 Ning, aku ngerti nèk wong-wong kuwi ora isa nentokké bakal suksès apa ora.+
Pikirané wong jahat béda banget karo pikiranku.+
17 Ping pira lampuné wong jahat dipatèni?+
Ping pira wong-wong kuwi ngalami bencana?
Ping pira Gusti Allah nesu lan ngukum wong-wong kuwi?
18 Apa wong-wong kuwi tau dadi kaya jerami sing kabur kena angin
Lan kaya kulit biji-bijian sing kabur kena badai?
19 Gusti Allah bakal ngukum anak-anaké wong sing jahat merga kesalahané bapaké.
Ning, muga-muga Gusti Allah ya ngukum wong jahat kuwi bèn dhèwèké ngerti kesalahané.+
20 Muga-muga wong sing jahat ngrasakké dhéwé bencana sing dialami.
Muga-muga dhèwèké ngrasakké dhéwé* nesuné Sing Mahakuwasa.+
21 Nèk umuré ora dawa,+
Apa dhèwèké isih isa seneng-seneng bareng anaké sakwisé dhèwèké mati?
22 Nèk wong-wong sing paling dihormati waé diadili karo Gusti Allah,+
23 Ana wong sing mati pas dhèwèké nduwé kabèh sing dibutuhké,+
Pas uripé ayem lan ora kuwatir soal apa-apa,+
24 Pas pupuné lemu
Lan balung-balungé kuwat.*
25 Ning, ana wong sing mati wektu dhèwèké susah banget,
Ora tau ngrasakké sing pénak.
27 Aku ngerti pikiran
Lan rencanamu bèn isa njahati aku.*+
28 Kowé takon, ’Ing endi omahé wong sing dianggep penting kuwi,
Lan ing endi kémahé wong sing jahat kuwi?’+
29 Ngapa kok kowé ora takon waé karo pengembara?
Apa kowé ora percaya karo omongané* wong-wong kuwi,
30 Nèk wong jahat ora ngrasa susah wektu ana bencana,
Lan dhèwèké dislametké wektu Gusti Allah nesu?
31 Sapa sing bakal ngandhani dhèwèké nèk kelakuané ora bener,
Lan sapa sing bakal mbales tumindaké?
32 Dhèwèké bakal dikubur ing kuburan,
Lan kuburané bakal dijaga.
33 Lemah ing lembah bakal krasa legi kanggoné dhèwèké.+
34 Penghiburanmu kuwi ora ana gunané,+
Merga kabèh jawabanmu kuwi mung ngapusi.”