Ayub
29 Ayub neruské omongané,*
2 ”Coba nèk keadaanku kaya mbiyèn,
Wektu Gusti Allah isih nglindhungi aku,
3 Wektu Dhèwèké kaya ngurubké lampu kanggo nuntun aku
Pas aku mlaku ing petengan,+
4 Wektu aku isih enom,
Wektu aku nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah,+
5 Wektu Sing Mahakuwasa isih ndhukung aku,
Wektu anak-anakku* isih ana ing cedhakku,
6 Wektu ternakku ngasilké susu sing akèh banget,*
7 Wektu aku biasa lunga ing gerbang kutha+
Lan lungguh ing lapangan kutha,+
8 Cah-cah enom padha mènèhi dalan wektu weruh aku,
Lan wong-wong tuwa padha ngadeg merga ngajèni aku.+
9 Para pejabat nutupi lambéné nganggo tangan
Lan ora ngomong manèh.
10 Wong penting padha meneng waé.
Wong-wong kuwi ora isa ngomong apa-apa.
11 Wong sing ngrungokké aku bakal ngomong sing apik soal aku,
Wong sing ndelok aku bakal mbéla aku.
12 Merga aku mesthi nulungi wong mlarat sing njaluk tulung.+
Aku ya nulungi bocah yatim lan sapa waé sing butuh ditulungi.+
13 Wong sing arep mati bakal maturnuwun karo aku,+
Lan para randha dadi seneng merga wis tak tulungi.+
15 Aku dadi kaya mripat kanggo wong wuta
Lan dadi kaya sikil kanggo wong sing lumpuh.
16 Aku dadi bapak kanggo wong mlarat.+
Aku nulungi wong sing ora tak kenal bèn dhèwèké isa éntuk keadilan.+
17 Kuwasané wong jahat tak remuk, kaya nèk aku ngremuk rahangé kéwan buas,+
Lan wong-wong sing dadi korbané tak slametké.
19 Aku kaya wit sing akaré mrambat ing panggonan sing akèh banyuné,
Lan embun bakal ana sewengi ing cabang-cabangku
20 Wong-wong bakal terus ngajèni aku.
Lan kekuwatanku ora bakal entèk.’*
21 Wong-wong péngin banget ngrungokké omonganku
Lan padha meneng wektu nunggu aku mènèhi naséhat.+
22 Sakwisé aku rampung ngomong, ora ana sing nambahi omonganku.
Omonganku pénak dirungokké.
23 Wong-wong kuwi ngentèni aku kaya wong sing ngentèni udan.
Wong-wong kuwi péngin cepet-cepet krungu omonganku, kaya wong sing ngentèni udan musim semi.+
24 Wong-wong kuwi nganti ora percaya nèk aku gelem ngguyu karo wong-wong kuwi.
Wektu ndelok nèk wajahku bahagia, wong-wong kuwi dadi semangat.*