Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Maskil.* Lagu sing digawé Daud sakwisé wong Zif kandha karo Saul, ”Daud ndhelik ing tanahku.”+
2 Oh Gusti Allah, tulung rungokna dongaku.+
Tulung gatèkna omonganku.
Wong-wong kuwi ora ngakoni Gusti Allah.+ (Sela)
4 Gusti Allah kuwi sing nulungi aku.+
Yéhuwah mberkahi wong sing ndhukung aku.
5 Dhèwèké bakal mbales mungsuh-mungsuhku+ sesuai karo kejahatané wong-wong kuwi dhéwé.
Gusti Allahku, tulung wong-wong kuwi disingkirké,+ merga Njenengan kuwi setya.
6 Aku bakal ikhlas mènèhké korban marang Njenengan.+
Oh Yéhuwah, aku bakal muji jeneng-Mu, merga kuwi tumindak sing apik.*+