PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 15
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Yéhuwah ora bakal ngubah hukumané (1-9)

      • Yérémia sambat (10)

      • Jawabané Yéhuwah (11-14)

      • Dongané Yérémia (15-18)

        • Seneng nampa omongané Gusti Allah (16)

      • Yérémia dikuwatké Yéhuwah (19-21)

Yérémia 15:1

Réferènsi Silang

  • +Pa 32:11; 1Sam 7:9; Mzm 99:6; 106:23

Yérémia 15:2

Réferènsi Silang

  • +Yèh 5:2
  • +Yèh 12:11

Yérémia 15:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”patang jenis hukuman”. Lit.: ”patang keluarga”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 14:21
  • +PT 28:26; Yér 7:33

Yérémia 15:4

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15, 25; Yér 24:9; Yèh 23:46
  • +2Raj 21:11; 23:26; 24:3, 4

Yérémia 15:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wegah gela manèh”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 2:13
  • +Yés 1:4
  • +Zéf 1:4

Yérémia 15:7

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15, 18; Yér 9:21; Yèh 24:21
  • +Yér 5:3

Yérémia 15:9

Réferènsi Silang

  • +Yér 44:27; Yèh 5:12

Yérémia 15:10

Réferènsi Silang

  • +Yér 20:14

Yérémia 15:13

Réferènsi Silang

  • +Yér 20:5

Yérémia 15:14

Réferènsi Silang

  • +Km 26:38; Yér 16:13
  • +PT 32:22; Yés 42:24, 25; Yér 17:4

Yérémia 15:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 11:20; 12:3; 17:18; 37:15
  • +Mzm 69:7

Yérémia 15:16

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Omongan-Mu tak temokké lan tak pangan”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 3:1-3; Why 10:9, 10

Yérémia 15:17

Réferènsi Silang

  • +Mzm 1:1
  • +Yér 20:8

Yérémia 15:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”terus ngadeg ing ngarep-Ku”.

  • *

    Lit.: ”dadi kaya lambé-Ku”.

Yérémia 15:20

Réferènsi Silang

  • +Yér 1:18; Yèh 3:9
  • +Yér 20:11

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 15:1Pa 32:11; 1Sam 7:9; Mzm 99:6; 106:23
Yér. 15:2Yèh 5:2
Yér. 15:2Yèh 12:11
Yér. 15:3Yèh 14:21
Yér. 15:3PT 28:26; Yér 7:33
Yér. 15:4PT 28:15, 25; Yér 24:9; Yèh 23:46
Yér. 15:42Raj 21:11; 23:26; 24:3, 4
Yér. 15:6Yér 2:13
Yér. 15:6Yés 1:4
Yér. 15:6Zéf 1:4
Yér. 15:7PT 28:15, 18; Yér 9:21; Yèh 24:21
Yér. 15:7Yér 5:3
Yér. 15:9Yér 44:27; Yèh 5:12
Yér. 15:10Yér 20:14
Yér. 15:13Yér 20:5
Yér. 15:14Km 26:38; Yér 16:13
Yér. 15:14PT 32:22; Yés 42:24, 25; Yér 17:4
Yér. 15:15Yér 11:20; 12:3; 17:18; 37:15
Yér. 15:15Mzm 69:7
Yér. 15:16Yèh 3:1-3; Why 10:9, 10
Yér. 15:17Mzm 1:1
Yér. 15:17Yér 20:8
Yér. 15:20Yér 1:18; Yèh 3:9
Yér. 15:20Yér 20:11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 15:1-21

Yérémia

15 Terus Yéhuwah kandha marang aku, ”Senajan Musa lan Samuèl ngadeg ing ngarep-Ku,+ Aku ora bakal mesakké bangsa iki. Singkirna wong-wong kuwi saka ngarep-Ku. Bèn waé wong-wong kuwi lunga. 2 Nèk wong-wong kuwi takon apa sing bakal dialami wong-wong kuwi, kowé kudu kandha, ’Iki sing diomongké Yéhuwah:

”Sebagéan bakal mati merga penyakit sing parah.

Sebagéan manèh bakal mati merga dipatèni nganggo pedhang.+

Sing liyané bakal mati merga kelaparan.

Sing liyané manèh bakal ditawan.”’+

3 ”’Aku bakal mènèhi patang bencana*+ marang wong-wong kuwi,’ kandhané Yéhuwah. ’Pedhang kanggo matèni, asu kanggo nyèrèt mayaté wong-wong kuwi, manuk-manuk ing langit, lan kéwan-kéwan buas ing bumi kanggo mangan lan ngentèkké sisané.+ 4 Aku bakal nggawé kabèh kerajaan ing bumi+ padha wedi merga ngerti sing dialami wong-wong kuwi. Aku bakal nindakké kuwi merga apa sing ditindakké Manasyé anaké Hizkia raja Yéhuda ing Yérusalèm.+

 5 Sapa sing bakal mesakké kowé, hé Yérusalèm?

Sapa sing bakal perduli karo kowé?

Sapa sing bakal mampir nakokké kabarmu?’

 6 ’Kowé ninggalké Aku,’ kandhané Yéhuwah.+

’Kowé terus mbalik lan ngedohi Aku.+

Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nyingkirké kowé.+

Aku wis wegah mesakké kowé manèh.*

 7 Aku bakal matèni wong-wong kuwi ing gerbangé tanah iki kaya misahké biji-bijian saka kulité.

Aku bakal ngrampas anaké wong-wong kuwi.+

Aku bakal nyingkirké umat-Ku

Merga umat-Ku ora gelem mertobat saka kelakuané.+

 8 Jumlah randha-randhané bakal dadi luwih akèh timbang pasir ing laut.

Pas awan, Aku bakal nggawé wong-wong sing ngrusak nyerang wong-wong kuwi, nyerang ibu-ibu lan anak-anaké lanang.

Ujug-ujug, Aku bakal nggawé wong-wong kuwi kuwatir lan kewedèn.

 9 Wong wédok sing nglairké anak pitu dadi lemes.

Dhèwèké megap-megap.

Matahari terbenam pas isih awan,

Mula dhèwèké isin lan dirèmèhké.’

’Sing slamet saka antarané wong-wong kuwi sing jumlahé mung sithik

Bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé bèn dipatèni nganggo pedhang,’ kandhané Yéhuwah.”+

10 Oh ibuku, cilaka tenan aku, merga Ibu wis nglairké aku.+

Aku terus-terusan dadi sasarané wong sing padha padu lan mungsuhan ing tanah iki.

Aku ora utang lan ya ora ngutangi,

Ning wong-wong kuwi padha ngutuki aku.

11 Yéhuwah kandha, ”Aku mesthi bakal ndhukung kowé bèn isa mbantu kowé.

Aku bakal nulungi kowé ing ngarepé mungsuh-mungsuh,

Pas kowé ngalami bencana, pas kowé susah.

12 Ora ana wong sing isa ngremuk wesi,

Apa manèh wesi saka lor, lan tembaga.

13 Kekayaan lan hartamu bakal Tak wènèhké dadi jarahan,+

Dudu merga bèn éntuk dhuwit, ning merga kabèh dosa sing mbok tindakké ing kabèh wilayahmu.

14 Kuwi Tak wènèhké marang mungsuhmu

Bèn digawa menyang tanah sing ora mbok kenal.+

Nesu-Ku kaya geni sing murub, lan kuwi ngobong kowé.”+

15 Oh Yéhuwah, Njenengan ngerti kesusahanku.

Élinga lan gatèkna aku.

Balesen wong-wong sing nganiaya aku.+

Aja nganti aku mati merga Njenengan terlalu sabar marang wong-wong kuwi.

Élinga nèk aku diécé merga Njenengan.+

16 Pas aku nampa préntah-Mu, kuwi tak lebokké ing ati.*+

Omongan-Mu nggawé atiku seneng lan bahagia

Sebab aku disebut nganggo jeneng-Mu, oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.

17 Aku ora lungguh lan ora mèlu seneng-seneng karo wong sing gawéané mung seneng-seneng.+

Merga manut tuntunan-Mu, aku lungguh dhèwèkan.

Njenengan nggawé aku bener-bener nesu merga tumindak jahaté wong-wong kuwi.+

18 Ngapa kok laraku ora mari-mari lan lukaku ora isa diobati?

Lukaku ora gelem mari.

Apa Njenengan bakal dadi kaya sumber banyu sing ora ana banyuné,

Sing ora isa diendelké?

19 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah:

”Nèk kowé mertobat, Aku bakal nresnani kowé manèh.

Kowé ya bakal terus nglayani Aku.*

Nèk kowé misahké sing berharga karo sing ora berharga,

Kowé bakal dadi wakil-Ku kanggo nyampèkké omongan-Ku.*

Wong-wong kuwi bakal marani kowé,

Ning kowé ora perlu marani wong-wong kuwi.”

20 ”Aku ndadèkké kowé kaya témbok tembaga sing kuwat ing antarané bangsa iki.+

Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,

Ning ora bakal isa ngalahké kowé,+

Sebab Aku ndhukung kowé kanggo nylametké lan mbébaské kowé,” kandhané Yéhuwah.

21 ”Aku bakal mbébaské kowé saka wong jahat

Lan nebus kowé saka wong sing kejem.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim