Mazmur
97 Yéhuwah wis dadi Raja.+
Muga-muga wong-wong ing bumi ngrasa seneng.+
Muga-muga wong-wong ing pulau-pulau ngrasa seneng.+
2 Ing sekitaré Dhèwèké ana peteng lan mendhung.+
Dhèwèké mesthi adil wektu mréntah lan mesthi nindakké sing bener.*+
4 Kilaté nggawé bumi dadi padhang.
Bumi goncang wektu ndelok kuwi.+
5 Ing ngarepé Yéhuwah sing nguwasani bumi,
Gunung-gunung melèlèh kaya lilin.+
6 Langit nyritakké keadilané,
Lan kabèh bangsa ndelok kemuliaané.+
7 Kabèh sing nyembah patung bakal digawé isin,+
Yaiku wong-wong sing nyombongké allah-allahé sing ora ana gunané.+
Hé kabèh allah, kowé kudu sujud marang* Dhèwèké.+
8 Zion krungu lan ngrasa seneng.+
9 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Sing Mahaluhur ing bumi.
Njenengan kuwi luwih unggul timbang kabèh allah liyané.+
10 Hé kowé wong sing nresnani Yéhuwah, kowé kudu sengit karo apa sing jahat.+
Dhèwèké nglindhungi abdiné sing setya.+
Dhèwèké nylametké wong kuwi saka wong sing jahat.+
11 Cahaya nyinari wong sing bener,+
Lan wong sing tumindaké bener ngrasa seneng.
12 Hé kowé wong sing bener, kowé kudu seneng merga Yéhuwah.
Kowé kudu ngucap syukur kanggo jenengé sing suci.