PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 21
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Pangandharing Torèt

      • Nèk ora ngerti sapa sing matèni (1-9)

      • Nikah karo wong wédok sing dadi tawanan (10-14)

      • Haké anak pertama (15-17)

      • Anak sing ndableg (18-21)

      • Wong sing digantung ing cagak kuwi dikutuk (22, 23)

Pangandharing Torèt 21:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”para sesepuh”.

Réferènsi Silang

  • +PT 16:18

Pangandharing Torèt 21:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Wi 35:33

Pangandharing Torèt 21:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”kampleng-kamplengan”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 28:1
  • +Wi 6:23-27; 1Bb 23:13
  • +PT 17:8, 9

Pangandharing Torèt 21:6

Réferènsi Silang

  • +Mzm 26:6; Mat 27:24

Pangandharing Torèt 21:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Tanganku ora ngutahké getih iki”.

Pangandharing Torèt 21:8

Réferènsi Silang

  • +2Sam 7:23
  • +Yés 26:21; Yér 26:15

Pangandharing Torèt 21:9

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”nindakké apa sing bener ing mripaté Yéhuwah”.

Pangandharing Torèt 21:10

Réferènsi Silang

  • +Wi 31:9; PT 20:13, 14

Pangandharing Torèt 21:13

Réferènsi Silang

  • +Wi 20:29; PT 34:8

Pangandharing Torèt 21:14

Réferènsi Silang

  • +PT 24:1

Pangandharing Torèt 21:15

Réferènsi Silang

  • +PD 29:30, 33

Pangandharing Torèt 21:17

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”awal kekuwatané”.

Réferènsi Silang

  • +PD 25:31; 2Bb 21:3

Pangandharing Torèt 21:18

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:12; PT 27:16; WB 1:8; Éf 6:1
  • +PT 8:5; WB 13:24; 19:18; 23:13; Ibr 12:9

Pangandharing Torèt 21:20

Réferènsi Silang

  • +WB 28:7
  • +Rm 13:13; 1Kor 6:10; Éf 5:18

Pangandharing Torèt 21:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mbalangi”.

Réferènsi Silang

  • +PT 13:10, 11

Pangandharing Torèt 21:22

Réferènsi Silang

  • +Wi 25:5
  • +Yos 10:26; Kis 10:39

Pangandharing Torèt 21:23

Réferènsi Silang

  • +Yos 8:29; Yoh 19:31
  • +Gal 3:13
  • +Wi 35:34

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

PT. 21:2PT 16:18
PT. 21:4Wi 35:33
PT. 21:5Pa 28:1
PT. 21:5Wi 6:23-27; 1Bb 23:13
PT. 21:5PT 17:8, 9
PT. 21:6Mzm 26:6; Mat 27:24
PT. 21:82Sam 7:23
PT. 21:8Yés 26:21; Yér 26:15
PT. 21:10Wi 31:9; PT 20:13, 14
PT. 21:13Wi 20:29; PT 34:8
PT. 21:14PT 24:1
PT. 21:15PD 29:30, 33
PT. 21:17PD 25:31; 2Bb 21:3
PT. 21:18Pa 20:12; PT 27:16; WB 1:8; Éf 6:1
PT. 21:18PT 8:5; WB 13:24; 19:18; 23:13; Ibr 12:9
PT. 21:20WB 28:7
PT. 21:20Rm 13:13; 1Kor 6:10; Éf 5:18
PT. 21:21PT 13:10, 11
PT. 21:22Wi 25:5
PT. 21:22Yos 10:26; Kis 10:39
PT. 21:23Yos 8:29; Yoh 19:31
PT. 21:23Gal 3:13
PT. 21:23Wi 35:34
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pangandharing Torèt 21:1-23

Pangandharing Torèt

21 ”Nèk ana wong sing dipatèni ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo kowé lan ora ana sing ngerti sapa sing matèni wong kuwi, 2 para pemimpin* lan hakimmu+ kudu ngukur jarak antarané mayat kuwi karo kutha-kutha ing sekitaré. 3 Para pemimpin saka kutha sing paling cedhak karo mayat kuwi kudu njupuk sapi enom sing durung tau digunakké kanggo kerja lan durung tau narik beban. 4 Para pemimpin kuwi kudu nggawa sapi enom mau ing lembah* sing ana banyuné, sing lemahé durung tau digarap utawa disebari benih. Para pemimpin mau kudu nugel guluné sapi kuwi ing kono.+

5 ”Para imam Lèwi ya kudu mrono merga wong-wong kuwi wis dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu bèn nindakké tugas saka Dhèwèké,+ supaya wong-wong kuwi isa mènèhi berkah nganggo jenengé Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi ya bakal nangani masalah wektu ana sing padu nganti antem-anteman.*+ 6 Para pemimpin saka kutha sing paling cedhak karo mayat kuwi kudu wisuh+ ing ndhuwuré sapi enom sing guluné ditugel ing lembah mau. 7 Wong-wong kuwi kudu kandha, ’Aku ora matèni wong iki.* Aku ya ora weruh dhèwèké dipatèni. 8 Yéhuwah, aja nyalahké umat-Mu Israèl, sing wis mbok tebus.+ Aja nganti umat-Mu Israèl disalahké merga wong sing ora salah kuwi mati.’+ Kuwi kudu ditindakké bèn wong Israèl ora disalahké. 9 Nèk kuwi mbok tindakké, kowé nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah.* Kowé ora bakal disalahké.

10 ”Nèk kowé perang nglawan mungsuhmu lan Yéhuwah Gusti Allahmu ngalahké wong-wong kuwi kanggo kowé, lan kowé nggawa wong-wong kuwi dadi tawananmu,+ 11 terus saka para tawanan kuwi kowé ndelok ana wong wédok sing ayu lan kowé seneng karo dhèwèké, terus péngin mbok dadèkké bojo, 12 wong wédok kuwi éntuk mbok gawa ing omahmu. Dhèwèké kudu nyukur rambuté nganti gundhul lan ngethoki kukuné. 13 Dhèwèké kudu nyopot klambiné sing dienggo wektu dhèwèké dadi tawanan, lan dhèwèké ya kudu manggon ing omahmu. Dhèwèké bakal nangisi bapak lan ibuné sesasi suwéné.+ Sakwisé kuwi, kowé isa nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Kowé bakal dadi bojoné, lan dhèwèké bakal dadi bojomu. 14 Ning, nèk kowé ora seneng manèh karo dhèwèké, dhèwèké éntuk lunga+ ing endi waé sing dipéngini. Dhèwèké aja mbok edol, lan aja mbok kasari, merga kowé wis meksa dhèwèké bèn dadi bojomu.

15 ”Nèk ana wong lanang sing nduwé bojo loro, lan dhèwèké luwih sayang karo sing sijiné, terus loro-loroné nduwé anak lanang, ning anaké lanang sing pertama lair saka bojo sing ora disayangi,+ 16 wektu dhèwèké mbagi warisané marang anak-anaké lanang, anak saka bojo sing disayangi ora éntuk dianggep dadi anak sing pertama, merga kuwi bakal nggawé rugi anaké lanang sing pertama, yaiku anak saka bojo sing ora disayangi. 17 Dhèwèké kudu ngakoni nèk anak saka bojo sing ora disayangi kuwi anaké sing pertama. Saka kabèh duwèké, dhèwèké kudu mènèhi bocah kuwi warisan ping loroné bagéané anak-anaké liyané, merga bocah lanang kuwi anaké sing nomer siji.* Bocah kuwi nduwé hak dadi anak sing pertama.+

18 ”Nèk ana wong sing nduwé anak lanang sing ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo bapak lan ibuné,+ terus bapak utawa ibuné kuwi wis ngupaya ngandhani bocah kuwi, ning bocah kuwi ora gelem manut,+ 19 bapak lan ibuné kudu nggawa bocah kuwi nemoni para pemimpin ing gerbang kutha, 20 terus kandha karo para pemimpin kuwi, ’Anakku iki ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo aku. Dhèwèké nggragas+ lan seneng mabuk.’+ 21 Kabèh wong lanang ing kuthané kudu mbandhemi* dhèwèké nganggo watu nganti mati. Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu. Kabèh wong Israèl bakal krungu soal kuwi lan dadi wedi.+

22 ”Nèk ana wong sing nindakké dosa lan éntuk hukuman mati,+ dhèwèké kudu digantung ing cagak sakwisé dipatèni,+ 23 lan mayaté aja nganti ana ing cagak tekan ésuk.+ Mayaté kudu mbok kubur dina kuwi, merga wong sing digantung kuwi dikutuk Gusti Allah.+ Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé aja mbok gawé najis.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim