Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Soal Gitit.* Lagu sing digawé keturunané Korah.+
2 Aku kangen banget karo halaman omahé Yéhuwah.+
Saking kangené, aku nganti lemes banget.
Sak tulusé atiku lan nganggo kabèh kekuwatanku,
Aku sorak-sorak lan muji Gusti Allah sing urip.
3 Manuk waé isa nduwé omah ing kono,
Lan manuk walèt nduwé sarang
Sing dienggo ngopèni anak-anaké
Ing cedhaké mézbah-Mu sing luar biasa, oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,
Raja lan Gusti Allahku.
4 Wong sing manggon ing omah-Mu kuwi bahagia.+
Wong kuwi terus-terusan muji Njenengan.+ (Sela)
5 Wong sing éntuk kekuwatan saka Njenengan+
Lan sing péngin banget mara ing omah-Mu kuwi bahagia.
6 Wektu liwat Lembah Baka,*
Wong kuwi nganggep panggonan kuwi kaya sumber mata air.
Udan sing pertama nggawa akèh berkah ing tanah kuwi.
7 Wong kuwi mlaku terus lan dadi saya kuwat.+
Wong kuwi ngadhep Gusti Allah ing Zion.
8 Oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan, rungokna dongaku.
Oh Gusti Allahé Yakub, tulung rungokna. (Sela)
10 Sedina ing halaman omah-Mu kuwi luwih apik timbang sèwu dina ing panggonan liya.+
Aku luwih seneng ngadeg ing lawang omahé Gusti Allah
Timbang manggon ing kémahé wong jahat.
11 Gusti Allah Yéhuwah kuwi kaya matahari+ lan tamèng.+
Dhèwèké apikan karo wong sing setya+
Lan nggawé wong kuwi dimulyakké.
Yéhuwah mesthi mènèhi apa sing apik marang wong kuwi.
12 Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,
Wong sing percaya marang Njenengan kuwi bahagia.+