Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud, abdiné Yéhuwah. Lagu iki digawé kanggo Yéhuwah sakwisé Yéhuwah nylametké dhèwèké saka mungsuh-mungsuhé lan saka Saul. Dhèwèké kandha,+
18 Oh Yéhuwah, kekuwatanku,+ aku sayang karo Njenengan.
2 Yéhuwah kuwi tebing watuku lan bèntèngku, Dhèwèké sing nylametké aku.+
Gusti Allah kuwi gunung watuku,+ panggonanku nggolèk perlindungan,
Tamèngku lan juru slametku sing kuwat,* panggonan berlindung* sing aman.+
3 Aku njaluk tulung marang Yéhuwah sing pantes dipuji,
Lan aku bakal dislametké saka mungsuh-mungsuhku.+
4 Aku kaya digubed taliné kematian.+
Kaya banjir bandhang, wong jahat sing akèh banget nggawé aku wedi.+
5 Taliné Kuburan* nggubed aku.
Jerat kematian ana ing ngarepku.+
6 Pas aku lagi susah, aku sambat marang Yéhuwah,
Aku terus njaluk tulung marang Gusti Allahku.
Saka baité, Dhèwèké ngrungokké swaraku.+
Dhèwèké* ngrungokké aku wektu aku njaluk tulung.+
7 Buminé goncang lan goyang.+
Dhasar-dhasaré gunung padha goncang
Merga Dhèwèké nesu.+
8 Asap metu saka irungé,
Lan geni nyembur saka lambéné.+
Bara sing murub metu saka Dhèwèké.
10 Dhèwèké ana ing ndhuwuré kerub lan mabur.+
Dhèwèké mabur cepet banget ing ndhuwur sayapé malaékat.*+
11 Terus Dhèwèké nggawé peteng nutupi awaké.+
Mendhung sing kandel lan peteng ndhedhet
Ana ing sak ubengé lan dadi kémahé.+
12 Saka cahaya sing padhang ing ngarepé,
Udan ès lan bara mudhun nembus méga.
13 Yéhuwah nggawé bledhèg ing langit.+
Wektu Sing Mahaluhur nggawé wong-wong krungu swarané,+
Ana udan ès lan bara.
14 Dhèwèké manahké panah-panahé lan nggawé mungsuh-mungsuhku kocar-kacir.+
Dhèwèké nggawé kilat lan nyebabké wong-wong kuwi bingung.+
15 Dhasaré kali dadi kétok.+
Oh Yéhuwah, dhasaré bumi kebukak merga mbok getak
Nganggo napas saka irung-Mu sing banter banget.+
16 Dhèwèké ngulurké tangané saka ndhuwur.
Dhèwèké nyekel lan narik tanganku saka banyu sing jero.+
17 Dhèwèké nylametké aku saka mungsuhku sing kuwat,+
Saka wong-wong sing sengit karo aku, sing luwih kuwat timbang aku.+
18 Wong-wong kuwi nglawan aku wektu aku kena bencana,+
Ning Yéhuwah ndhukung aku.
19 Dhèwèké nggawa aku ing panggonan sing aman.*
Dhèwèké nylametké aku merga seneng karo aku.+
20 Yéhuwah mberkahi aku sesuai karo tumindakku sing bener.+
Dhèwèké ngupahi aku merga aku ora salah.+
21 Aku terus manut karo préntahé Yéhuwah,
Lan aku ora ninggalké Gusti Allahku merga kuwi tumindak sing jahat.
22 Kabèh préntahé terus tak éling-éling.
Peraturané mesthi bakal tak gatèkké.
25 Njenengan setya karo wong sing setya.+
Njenengan tumindak adil marang wong sing ora salah.+
28 Njenengan madhangi aku, oh Yéhuwah,
Gusti Allahku sing nggawé peteng ing sekitarku dadi padhang.+
29 Aku isa nyerang grombolan perampok merga dibantu Njenengan.+
Aku isa nglumpati témbok nganggo kuwasané Gusti Allah.+
30 Kabèh sing ditindakké Gusti Allah sing bener kuwi apik.*+
Omongané Yéhuwah kuwi murni.+
Dhèwèké dadi tamèng kanggo kabèh wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké.+
31 Apa ana Gusti Allah sakliyané Yéhuwah?+
Apa ana gunung watu sakliyané Gusti Allahé awaké dhéwé?+
32 Gusti Allah sing bener nguwatké aku,+
Lan Dhèwèké bakal nggawé kabèh sing tak tindakké berhasil.*+
33 Dhèwèké nggawé sikilku gesit kaya sikilé kidang,
Bèn aku kuwat ngadeg ing lèrèng gunung.+
34 Dhèwèké nglatih aku perang.
Tanganku nyiapké* busur tembaga.
35 Njenengan kaya tamèng sing nglindhungi aku.+
Tangan-Mu sing kuwat* ndhukung aku.
Aku diunggulké merga Njenengan rendah hati.+
37 Aku bakal ngoyak* mungsuh-mungsuhku nganti kecekel.
Aku ora bakal bali sakdurungé wong-wong kuwi mati.
38 Wong-wong kuwi bakal tak antemi* nganti ora isa tangi manèh.+
Wong-wong kuwi bakal tak kalahké.
39 Njenengan bakal mènèhi aku kekuwatan kanggo perang.
Njenengan bakal ngalahké mungsuh-mungsuhku ing ngarepku.+
40 Njenengan bakal nggawé mungsuh-mungsuhku mlayu saka ngarepku.
Aku bakal matèni wong-wong sing sengit karo aku.+
41 Wong-wong kuwi njaluk tulung, tapi ora ana sing nulungi.
Wong-wong kuwi sambat karo Yéhuwah, tapi Dhèwèké ora gelem ngrungokké.
42 Wong-wong kuwi bakal tak remuk nganti lembut kaya debu sing kabur kena angin.
Wong-wong kuwi bakal tak singkirké kaya lumpur ing dalan.
43 Njenengan bakal nylametké aku saka wong sing seneng nggolèk kesalahanku.+
Njenengan bakal ndadèkké aku pemimpiné bangsa-bangsa.+
Bangsa sing ora tak kenal bakal ngabdi marang aku.+
44 Wektu krungu soal aku, wong-wong kuwi bakal manut karo aku.
Wong asing bakal mbungkuk ing ngarepku merga wedi.+
45 Wong asing bakal wedi banget.
Wong-wong kuwi bakal ndredheg pas metu saka bèntèngé.
46 Yéhuwah kuwi urip. Muga-muga Gunung Watuku dipuji.+
Muga-muga Gusti Allah sing nylametké aku diluhurké.+
47 Gusti Allah sing bener mbales mungsuh-mungsuhku.+
Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa manut karo aku.
48 Dhèwèké nylametké aku saka mungsuh-mungsuhku sing nesu.
Njenengan ngangkat aku menyang panggonan sing dhuwur, adoh saka wong sing nyerang aku.+
Njenengan nylametké aku saka wong sing kejem.
49 Kuwi sebabé, oh Yéhuwah, aku bakal ngluhurké Njenengan ing antarané bangsa-bangsa.+
Aku bakal nyanyi pujian* kanggo jeneng-Mu.+
50 Dhèwèké nylametké rajané sing dipilih nganggo tumindak sing luar biasa.+