Mazmur
91 Wong sing manggon ing panggonan sing aman* duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur+
Bakal dilindhungi Gusti Allah sing Mahakuwasa.+
2 Aku bakal ngomong karo Yéhuwah, ”Gusti Allahku sing tak percaya,+
Njenengan kuwi panggonanku berlindung lan bèntèngku.”+
3 Gusti Allah bakal nylametké kowé saka jebakan tukang nangkep manuk
Lan saka wabah penyakit sing nyebabké mati.
4 Ujung sayapé bakal nglindhungi kowé,
Lan kowé bakal berlindung ing ngisor sayapé.+
Kesetiaané+ kaya tamèng sing gedhé+ lan témbok sing kuwat.
5 Pas bengi,+ kowé ora bakal wedi wektu ana bahaya.
Pas awan,+ kowé ora bakal wedi kena panah.
6 Pas bengi, kowé ora bakal wedi kena wabah penyakit.
Pas awan, kowé ora bakal wedi mati merga ana wabah penyakit.
7 Senajan ana wong sèwu sing mati ing cedhakmu
Lan ana sepuluh èwu sing mati ing sebelah tengenmu,
Kowé ora bakal ngalami kaya ngono.+
8 Kowé mung bakal ndelok thok,
Kaya kowé ndelok wong jahat dihukum.
9 Merga kowé ngomong, ”Yéhuwah kuwi panggonanku berlindung,”
Kowé nganggep Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi kaya panggonan sing aman.+
10 Kowé ora bakal kena bencana,+
Lan wong-wong sing ana ing kémahmu ora bakal kena wabah penyakit.
13 Kowé bakal ngidak singa enom lan ula kobra.
Kowé bakal ngidak singa lan ula sing gedhé.+
14 Gusti Allah ngomong, ”Aku bakal nylametké dhèwèké+ merga dhèwèké sayang karo Aku.
Aku bakal nglindhungi dhèwèké merga dhèwèké kenal* jeneng-Ku.+
15 Dhèwèké bakal njaluk tulung karo Aku, lan Aku bakal nulungi.+
Aku bakal mbantu dhèwèké wektu dhèwèké ngalami kesusahan.+
Aku bakal nylametké dhèwèké lan nggawé dhèwèké diajèni.