Mazmur
BUKU KEPAPAT
(Mazmur 90-106)
Dongané Musa, abdiné Gusti Allah sing bener.+
90 Oh Yéhuwah, Njenengan sing nglindhungi+ aku nganti turun-temurun.
2 Sakdurungé gunung-gunung ana
Lan sakdurungé Njenengan nyiptakké bumi sak isiné,+
3 Njenengan nggawé manungsa dadi debu manèh.
Njenengan ngomong, ”Hé manungsa, balia dadi debu manèh.”+
4 Kanggoné Njenengan, sèwu taun kuwi mung kaya wingi,+
Mung kaya pirang-pirang jam.
5 Njenengan nyingkirké manungsa.+ Wong-wong kuwi kaya mimpi sing cepet ilang.
Pas ésuk, wong-wong kuwi kaya suket sing thukul.+
6 Pas ésuk, suket kuwi thukul saya dhuwur lan metu kembangé,
Ning pas soré, suket kuwi layu lan dadi garing.+
7 Umat-Mu musnah merga Njenengan nesu+
Lan wedi banget merga Njenengan ngamuk.
8 Njenengan ngerti kabèh kesalahanku.+
Njenengan ngerti kesalahanku sing tak tutup-tutupi.+
9 Uripku mung singkat merga Njenengan nesu.
Uripku kaya napas sing cepet ilang.
10 Umurku mung nganti 70 taun,
Isa tekan 80 taun+ nèk bener-bener kuwat.
Ning sakjegé uripku, aku susah lan sengsara.
Uripku cepet banget, lan bar kuwi aku ora ana manèh.+
11 Sapa sing isa ngukur kekuwatan-Mu wektu Njenengan nesu?
Nèk kuwi tak pikirké, aku dadi wedi banget.+
13 Oh Yéhuwah, tulung apikan karo aku manèh.+ Nganti kapan Njenengan nesu?+
Tulung mesakké para abdi-Mu.+
14 Pas ésuk, duduhna katresnan-Mu sing langgeng*+ marang aku,
Bèn saben dina aku isa sorak-sorak merga seneng.+
15 Njenengan wis nggawé aku susah lan ngalami masalah nganti pirang-pirang taun.+
Mula saiki tulung gawénen aku bèn ngrasa seneng manèh.+
16 Muga-muga para abdi-Mu ndelok sing wis mbok tindakké,
Lan muga-muga keturunané ndelok kekuwatan-Mu sing gedhé.+
17 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahku mberkahi aku.
Muga-muga Njenengan nggawé sing tak tindakké berhasil.
Tulung gawénen bèn sing tak tindakké berhasil.+