Mazmur
Lagu sing digawé Daud.
28 Oh Yéhuwah, Gunung Watuku, aku terus ndonga marang Njenengan.+
Tulung rungokna aku.
Nèk Njenengan meneng waé,
Kekuwatanku bakal ilang kaya wong mati.+
2 Rungokna aku wektu aku njaluk tulung,
Wektu aku ngangkat lan ngarahké tanganku ing ruangan sing paling njero ing panggonan-Mu sing suci.+
3 Aja ngukum aku bareng karo wong jahat, sing seneng nyilakani,+
Sing omongané nyenengké, ning sakjané atiné jahat.+
4 Tulung wong-wong kuwi dihukum merga kelakuané,+
Sesuai karo kejahatané.
Tulung wong-wong kuwi dibales merga tumindaké,
Sesuai karo sing wis ditindakké,+
5 Merga wong-wong kuwi ora nggatèkké sing ditindakké Yéhuwah,+
Lan ora nggatèkké kegiatané.+
Upayané wong-wong kuwi ora bakal diberkahi.
6 Muga-muga Yéhuwah dipuji,
Merga Dhèwèké wis ngrungokké aku wektu aku njaluk tulung.
7 Yéhuwah kuwi kekuwatanku+ lan tamèngku.+
Aku bener-bener percaya marang Dhèwèké.+
Atiku seneng merga Dhèwèké wis nulungi aku,
Mula aku arep nyanyi kanggo muji Dhèwèké.
8 Yéhuwah kuwi kekuwatan kanggo umaté.
Dhèwèké kaya bèntèng. Dhèwèké nylametké wong sing dilantik.+
9 Tulung slametké umat-Mu, lan tulung berkahi wong-wong sing dadi duwèk-Mu.+
Dadia gembala kanggo wong-wong kuwi, lan géndhongen wong-wong kuwi ing dhadha-Mu.+