Zakharia
7 Ing dina kepapat sasi kesanga, yaiku sasi Khislew,* taun kepapat pamréntahané Raja Darius, Zakharia+ éntuk berita saka Yéhuwah. 2 Wong-wong Bètel ngutus Syarèzèr lan Règèm-mèlèkh karo wong-wongé bèn njaluk Yéhuwah nduduhké rasa mesakké. 3 Wong-wong kuwi takon marang para imam ing baité Yéhuwah pemimpiné pasukan lan marang para nabi, ”Apa aku kudu nangis lan pasa ing sasi kelima,+ kaya sing wis tak tindakké pirang-pirang taun?”
4 Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha marang aku, 5 ”Omonga marang kabèh rakyat tanah kuwi lan marang para imam, ’Pas kowé pasa lan nangis banter banget saben sasi kelima lan sasi kepitu+ saksuwéné 70 taun iki,+ apa kowé bener-bener pasa kanggo Aku? 6 Pas kowé mangan lan ngombé, kuwi kan mung kanggo nyenengké awakmu dhéwé, ta? 7 Kowé kan kuduné manut karo omongané Yéhuwah sing disampèkké liwat para nabiné mbiyèn, ta?+ Wektu kuwi Yérusalèm lan kutha-kutha ing sekitaré isih dienggoni lan keadaané damai. Nègèb lan Syéféla ya isih dienggoni.’”
8 Yéhuwah kandha manèh marang Zakharia, 9 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé kudu adil wektu ngadili.+ Duduhna katresnan*+ lan rasa mesakké marang wong liya. 10 Aja ngapusi randha, anak yatim,*+ wong asing,+ utawa wong mlarat.+ Aja nggawé rencana jahat marang wong liya.’+ 11 Ning, wong-wong kuwi tetep ora gelem nggatèkké.+ Wong-wong kuwi ya ndableg+ lan ora gelem ngrungokké.*+ 12 Wong-wong kuwi ndableg*+ lan ora gelem manut karo hukum lan omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan sing disampèkké nganggo kuwasané liwat para nabiné mbiyèn.+ Mula Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan dadi nesu banget.”+
13 ”’Wektu Aku* ngomong, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké.+ Mula, Aku ya ora gelem ngrungokké wektu wong-wong kuwi njaluk tulung marang Aku,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 14 ’Nganggo angin badai, Aku nggawé wong-wong kuwi mencar ing bangsa-bangsa sing ora dikenal.+ Tanah kuwi ditinggalké lan dadi telantar. Ora ana sing liwat kono+ merga wong-wong kuwi wis nggawé tanah sing apik kuwi dadi panggonan sing medèni.’”